Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
206 dari 234
1.231–1.232 dari 1.487
12.305–12.314 dari 14.865
206.054 wong nirbaya kalawan wong jagabaya | tuwin wadya saragni | pan têtindhihira | lêlurah jagabaya | Puspakusuma namèki | sêdhêng sudira | trah saking Surawèsthi ||
206.055 sutanira Ki Arya Jayapuspita | ing Toyadana prapti | kapêthuk dènira | wadya ingkang lumaywa | myang Arya Pringgalayèki | Puspakusuma | asru dènira angling ||
206.056 kadipundi rahadèn karsa andika | kula kinèn bantoni | angling Radèn Arya | iya têka banjura | ingsun antèni sirèki | Puspakusuma | lajêng sawadyanèki ||
206.057 praptèng Têras katingal kang mungsuh Cina | lajêng têmpuh ing jurit | sira Dipayuda | amor ing wurinira | nanging wongira wus kêdhik | Puspakusuma | gambira mangsah ngungkih ||
206.058 samya kandhêg lampahe prajurit Cina | tinata barisnèki | bêdhil kalantaka | kang samya munggèng ngarsa | tinambêm ing pundhak sami | prajurit Cina | sarêng dènnya bêdhili ||
206.059 wadya anirbaya lan wong jagabaya | miwah wadya saragni | kuwur tatanira | angungsi wurinira | Puspakusuma nadhahi | sawadyanira | sura pêngkuh ing jurit ||
206.060 amung kalih wêlas samya nitih kuda | sadaya ngrangkab lêmbing | wong Cina narajang [26: 46] | nyênyiwo keri kanan | apan samya dèn towoki | sing luhur kuda | gangsal ingkang ngêmasi ||
206.061 kèndêl lênggah wau kang prajurit Cina | samya ngantos kang wuri | wadyèng Kartasura | nirbaya jagabaya | saragni myang para mantri | malêdug samya | lumaywa rêbut dhingin ||
206.062 pangraose Puspakusuma wus pêjah | dening binendrong bêdhil | mila asar-saran | wadya ingkang lumaywa | Rahadèn Pringgalayèki | nèng Toyadana | miyarsa sanjata tri ||
206.063 anyamêthi turăngga sigra lumaywa | narajang barisnèki | sagunging santana | wingwrin kalulun samya | wadyalit pan sampun ngisis | asalang tunjang | tan ana tolih gusti ||
1.231–1.232 dari 1.487