Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
206 dari 234
1.232 dari 1.487
12.311–12.320 dari 14.865
206.060 amung kalih wêlas samya nitih kuda | sadaya ngrangkab lêmbing | wong Cina narajang [26: 46] | nyênyiwo keri kanan | apan samya dèn towoki | sing luhur kuda | gangsal ingkang ngêmasi ||
206.061 kèndêl lênggah wau kang prajurit Cina | samya ngantos kang wuri | wadyèng Kartasura | nirbaya jagabaya | saragni myang para mantri | malêdug samya | lumaywa rêbut dhingin ||
206.062 pangraose Puspakusuma wus pêjah | dening binendrong bêdhil | mila asar-saran | wadya ingkang lumaywa | Rahadèn Pringgalayèki | nèng Toyadana | miyarsa sanjata tri ||
206.063 anyamêthi turăngga sigra lumaywa | narajang barisnèki | sagunging santana | wingwrin kalulun samya | wadyalit pan sampun ngisis | asalang tunjang | tan ana tolih gusti ||
206.064 kang abaris ing Asêm sadaya dhadhal | pangeran angabèi | lan para arinya | lumaywa asewangan | tan kongsi matur sang aji | Puspakusuma | wau dènira jurit ||
206.065 pan kawratan mungsuh wong Cinakwèh prapta | Ping Bulung angawaki | myang Kapitan Panjang | samya nrêgakên wadya | wong Cina angidak wani | Puspakusuma | mundur pan miring-miring ||
206.066 sarwi nguwuh-uwuh wadyèng Kartasura | bantonana sun iki | wong sèkêt kewala | suraka wuriningwang | ngong balèkne Cina iki | mring Salatiga | yèn ora kongsi bali ||
206.067 ingsun dudu anake Jayapuspita | dudu trah Nyurawèsthi | wadya kang miyarsa | samya nolèh kewala | tan wontên kang purun bali | Puspakusuma | kaku tyasira [26: 47] nangis ||
206.068 asêsambat dhuh gustiku sang narendra | apa kang abdi iki | tan ana angrasa | wibawa saking nata | lan sakèhe ingkang abdi | baya tan ana | ingkang trah wong bêbêcik ||
206.069 yèn pinêlak ing Cina Puspakusuma | mandhêg sawadyanèki | arsa angamuka | dadya wong Cina taha | binêdhilan saking têbih | pan sinurakan | kadya angiring-iring ||
1.232 dari 1.487