Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
206 dari 234
1.233–1.234 dari 1.487
12.322–12.331 dari 14.865
162. Ingkang Sinuhun ing Kartasura nyarirani piyambak badhe mapagakên prajurit Cina
206.071 anèng ing mandhapa[1] pinarak dhêdhampar | de kang nèng păncaniti | wong gêdhong kaparak | dene kang anèng pura | kang rumêksèng sri bupati | kantun kang wadya | namèngyuda lan malih ||
206.072 wong Suranata Ngabèi Saradipa | lan sakancanirèki | myang Ki Bangsantaka | kalawan Sarantaka | myang sakancanira sami | wong Sawojajar | lan banjar andhap malih ||
206.073 kya pangulu saha wadya sakauman | miwah kang para kaji | Pangran Wijil sira | anunggil saradipa | wong panandhon tan atêbih | gamêl jajarnya | kang tansah munggwing ngarsi ||
206.074 kangjêng pangran adipati sah ingayap | desa gunging wadyèki | saha busanèng prang [26: 48] | gêgaman warna-warna | samya sumaos ing jurit | wadya sadaya | angantos karsa aji ||
206.075 animbali ing Tumênggung Wirarêja | praptèng ngarsa narpati | asru angandika | hèh bapa Wirarêja | kayapa wartaning jawi | bocah sun atag | amapag mungsuh sami ||
206.076 atur sêmbah Ki Tumênggung Wirarêja | tan wontên tur upaksi | abdi sri narendra | sagung ingkang punggawa | kang sami mêthuk ing jurit | nanging têtiyang | saking kilèn anggili ||
206.077 nanging wartinipun têtiyang kang prapta | sagung santana aji | pan sampun lumaywa | larut datan kandhêga | angandika sri bupati | mring Bangsantaka | lawan Băngsapatrèki ||
206.078 Bangsantaka Băngsapatra ana pira | iya bocah kang kari | sigra matur nêmbah | sira Ki Bangsantaka | inggih gusti winatawis | abdi paduka | wontên sèwu kang kari ||
206.079 angandika sang nata yèn mangkonoa | lah payo ingsun mijil | sun papage enggal | yudanira Si Cina | kasaru praptanirèki | Surawiguna | lawan Dipayudèki ||
206.080 Pamarêdèn pan sami atur uninga | yèn pra santana aji | wus kawon sadaya | datan măngga muliha | angandika sri bupati | Surawiguna | lan Si Dipayudaglis ||
1.233–1.234 dari 1.487

 


pandhapa. (kembali)