Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
206 dari 234
1.227–1.228 dari 1.487
12.264–12.273 dari 14.865
206.013 winartanan yèn nagari awuyungan | samyalit driyanèki | anak rabinira | kang ketang jroning nala | akathah bolos ing ratri | kang saking ngarsa | nutur kasurannèki ||
206.014 kang wong Cina pangamuke ing payudan | samya ngênês ing galih | dalu kathah minggat | ya ta kang wadya Cina | samya wangsul ngalèr malih [26: 40] | ing Lèpènbendha | pakuwon dèn êbroki ||
206.015 pirêmbagan sira Radèn Martapura | lawan Dipati Pathi | myang Singsèh Sapanjang | alon dènira ngucap | tuwan radèn kadipundi | karsa andika | masalahing ajurit ||
206.016 pikiripun radèn wong Cina sadaya | ywa tanggung ing ajurit | kêsêla wasisan | adunên gêcêk kitha | Rahadèn Martapurangling | dipun sarănta | ywa gugup ing ajurit ||
206.017 dimèn ngrasakakên wadya Kartasura | larane awaknèki | yèn ugi pinêlak | pan wus adat wong Jawa | yèn kabutuh ambêg pati | abot sinăngga | kang kawus wani malih ||
206.018 yèn ngomberan pasthi giris ing pawarta | nadyan kang maksih wani | atine wus gêmpal | tan kêna ingadua | adat wong Pajang Matawis | arang kèlingan | marang karosannèki ||
206.019 dadya kèndêl sagunging prajurit Cina | anut ing rèhirèki | Radèn Martapura | ya ta kang kawuwusa | Ki Tumênggung Rajaniti | atur uninga | marang sri narapati ||
206.020 yèn kasoran yudane dening wong Cina | mangkya dènira baris | anèng Lèpènbendha | abdi paduka risak | para mantri kwèh ngêmasi | sri naranata | kagyat sigra nimbali ||
206.021 marang para santana kinèn bantua | Pangeran Angabèi | Pangran Buminata | Pangran Dipanagara | lan Pangeran Singasari | Pangeran Răngga | Pangeran Mangkubumi ||
206.022 Pangran Arya Pamot Pangran Prangwadana [26: 41] | Pangran Arya Matawis | Pangeran Panular | Pangeran Danupaya | Pangeran Silarong nênggih | wusnya samakta | budhal saking nagari ||
1.227–1.228 dari 1.487