Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
206 dari 234
1.228–1.229 dari 1.487
12.276–12.285 dari 14.865
206.025 mung kang baris sakidul Jurang Têngaran | Ki Mangkuyuda maksih | wontên pêpuranya | nanging wonge kèh minggat | mêngko sun tonjok ing tulis | sigra nênurat | Radèn Martapurèki ||
206.026 sawuse nênurat gya nglampahkên duta | sakidul Jurang prapti | lajêng dutanira | tumamèng ing ngayunan | kang sêrat wus dèn tampèni | sinuksmèng driya | bêbukaning kang tulis ||
206.027 sêsampune katur salam kula kakang | wiyose tur upaksi | yèn ing lampah kula | wontên kang kula êmban | sêdya nagih gênti waris | marma pun kakang | sampun asalah kardi ||
206.028 pan andika wong cilik kadi kawula | dipun emut ing nguni | lêluhur andika | marma ran Mangkuyuda | inggih sintên kang akardi | inggih kang êmbah | gusti kula puniki ||
206.029 yèn andika nêdya labuh matyèng karya | kula botên mikani | nanging abarisa | wurine Pringgalaya | sêdhêng boboting wong ngabdi | nadyan matia [26: 42: ma...tia] | kondhang santana aji ||
206.030 yèn tan purun mundur mêksa ananggulang | nanging dèn panggah ugi | aywa ngadu bala | payo padha prawira | rupaa buta sakêthi | wong Kartasura | tan wande sun kêmbari ||
206.031 dupi myarsa Ki Tumênggung Mangkuyuda | gêmpal manahirèki | ya ta enjing sira | Rahadèn Martapura | Cina satus kang tinuding | têtindhihira | Ping Bulung lan pun Êtik ||
206.032 arsa gitik mring barise Mangkuyuda | munya kêkênthung bèri | budhal saha surak | Tumênggung Mangkuyuda | sampun ingaturan uning | yèn wadya Cina | punikarsa dhatêngi ||
206.033 asayaga Ki Tumênggung Mangkuyuda | nanging êlom kang galih | wus bubar lon-lonan | angungsi barisira | Rahadèn Pringgalayèki | prajurit Cina | Têngaran dèn anciki ||
206.034 nanging datan purun anglud angungsira | dèrèng dèn parentahi | lamun angungsira | ing Radèn Martapura | miwah Adipati Pathi | marmanya kewran | kèndêl sakidul kali ||
1.228–1.229 dari 1.487