Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
224 dari 234
1.443–1.444 dari 1.487
14.424–14.433 dari 14.865
224.080 tuwan mayor sigra angling | martèkakên saandika- | nira kangjêng sang akatong | mênggah gumingsira pura | Dipati Pringgalaya | mangkana ing sauripun | singaa kinarsakêna ||
224.081 dhumatêng sri narapati | sayêkti punika dadya | nanging pamiyarsaningong | duk ing alam sapunika | Kiyai Danurêja | sampun kapikir rinêmbug | yèn kadhaton sampun tuwa ||
224.082 dene kang rinêmbag sami | yèn sang nata ngarsakêna | gumingsira karatone | mênggah kidul kang rinêmbag | kiwa têngêning Pokak | dening kilèn kang rinêmbug | ing Pêngging kiwa têngênnya ||
224.083 yèn mangalèr ing Kadinding | punika ingkang rinêmbag | ngajêngêna lèpèn Pepe | nanging ingkang mênggah wetan | tuwan [31: 7: tu...wan] datan rinêmbag | milanipun tan rinêmbug | yèn sang nata ngadhatona ||
224.084 sawetaning puri lami | sakilèning kitha Pajang | winastan kapi têmahe | yèn upami ngadhatona | wontên nagari Pajang | sakalangkung awonipun | winastan mangsuli tinja ||
224.085 mila dipun wirayati | tuwan kadi sapunika | dene ing Pajang unine | apan ingkang têtilasan | nagri sampun binêdhah | mring wong agung ing Matarum | mila dados ila-ila ||
224.086 sigra anambungi angling | Adipati Sindurêja | inggih lêrês wirayate | Radèn Dipati ngandika | lan malih kula mirsa | tuwan ing wirayatipun | yèn kadhaton angaliha ||
224.087 dhatêng sawetan banawi | nagari Jawi punika | lamat dhatêng Buda malèh | angling Radèn Pringgalaya | paman yèn makatêna | saya awon wastanipun | Tuwan Mayor Ondrop mojar ||
224.088 lah kadipundi puniki | gèn matur dhatêng susunan | Dyan Pringgalaya dêlinge | yèn suwawi jêngandika | kula aturi tuwan | priksa piyambak rumuhun | sanadyan tuwan konjuka ||
224.089 dhumatêng sri narapati | inggih sampun atêngara | gèn sami mariksa dhewe | tuwan mayor dêlingira | yèn kadi sapunika | lah suwawi besuk-esuk | mila lumampah piyambak ||
1.443–1.444 dari 1.487