Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 234
139–140 dari 1.487
1.388–1.397 dari 14.865
026.018 pakartine asêsabin | kang adhêkah ing Sêsela | punika panggaotane | agaga lawan sêsawah | têtanêmane kathah | dados sandhang têdhanipun | anyamadi wong Sêsela ||
026.019 ya ta udan riwis-riwis | Kiyai Agêng Sêsela | dhatêng ing pasabinane | wayah sadèrènge ngasar | datan amawi rowang | ya ta pacule dèn pikul | sapraptane pasawahan ||
026.020 nulya amêmacul sabin | lagyangsal tigang gêcokan | samana prapta gêlape | rupa kaki-kaki ika | ya ta nulya cinandhak | swarane muni jumêgur | tan ucul panyêkêlira ||
026.021 pan arupa kaki-kaki | kang gêlap nulya binănda | tan obah ing têtaline | akarsa ingaturêna | mring Kangjêng Sultan Dêmak | samana kang dadi ratu | ing tanah Jawa punika ||
026.022 sigra lumampah tumuli | ki agêng dhatêng ing Dêmak | sarta ginawa gêlape | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Dêmak | sampun katur ing sang prabu | yèn ki agêng atur gêlap ||
026.023 sang nata suka ningali | ing warnane punang gêlap [4: 4] | arupa kaki-kakine | linêbokakên kunjara | wêsi kang punang gêlap | ya ta ingundhangkên sampun | aja na asuka toya ||
026.024 jêjêl kang wong aningali | agawok ingkang tumingal | maring ki gêlap warnane | lan sami ngalêm sadaya | mring Ki Agêng Sêsela | katon sakti rosanipun | pratăndha anyêkêl gêlap ||
026.025 ya ta ana gêlap èstri | anênonton kaki gêlap | arupa nini-ninine | andhêpès anèng panjara | sarwi ambêkta toya | sasiwur munggwèng bêbêruk | wong akèh tan ana wikan ||
026.026 ya ta wau jaluk warih | kaki gêlap tan sinungan | maring sakèhing kang nonton | ajrih undhange sang nata | ya ta sang nini tuwa | angulungi banyu bêruk | tinampan marang ki gêlap ||
026.027 nuli ingombe tumuli | kang toya mring kaki gêlap | sarêng kalêbu toyane | anulya mêsat ki gêlap | jumêgur swaranira | kunjara wêsi wus mawur | kang gêlap pan sampun sirna ||
139–140 dari 1.487