Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 234
140–141 dari 1.487
1.399–1.408 dari 14.865
026.029 wontên ta kocapa malih | anênggih dhêdhalang pruwa | Ki Bicak iku wastane | dhêdhalange Sultan Dêmak | amèn dhatêng Sêsela | cinatur rabine ayu | punjul saking ing akathah ||
026.030 lanang wadon angrasani | rabine dhêdhalang prawa | dene ta [4: 5] ayu rupane | sami angalêm sadaya | sakèhe kang tumingal | ya ta awusana katur | dhatêng Ki Agêng Sêsela ||
026.031 pawèstri dipun tingali | dhatêng Ki Agêng Sêsela | samana giwang manahe | mulat ing suwarnanira | karsa dinamêl garwa | saksana ing enjingipun | pinêpaksa[1] wong Sêsela ||
026.032 dhêdhalang kinèn mêjahi | pan rinêbat ingkang garwa | pêpak wong Sêsela kabèh | dhêdhalang prawa wus pêjah | kinêmbulan ngakathah | sampune Ki Bicak lampus | bêndhene lan rabinira ||
026.033 katur sadayane sami | mring Ki Gêdhe ing Sêsela | miwah ringgit lan bêndhene | ya ta bêndhe tiningalan | sarêng wau katingal | punang kêkêmpul pinundhut | mring Ki Agêng ing Sêsela ||
026.034 kalangkung rêsêp ing ati | punang bêndhe winastanan | Kiyai Bicak wastane | kabêkta araning dhalang | sêsampuning mangkana | apan mantun karsanipun | maring rabine ki dhalang ||
026.035 sampune Ki Bicak kêni | kalangkung sukaning nala | saking pamawaning bêndhe | apan mantun darbe karsa | mring rabine ki dhalang | wus lami mangke winuwus | punang bêndhe ingestrenan ||
026.036 dening Susunan ing Kali | yèn bêndhe dadi têngêran | sapa ingkang duwe bêndhe | pinasthi dadi narendra | bêndhe têngêran yuda | sêkti yudane tur unggul | yèn bêndhe muni angangkang ||
026.037 mangkana malih winarni | Kyai Gêdhe ing Sêsela | samana ananêm waloh | nuju momong ingkang putra | anyamping cindhe ika | nanging tan amawi [4: 6: a...mawi] sabuk | sarya ngêmban ingkang putra ||
026.038 tansah dèn aring-aringi | putrane ingkang ingêmban | nulya miyarsa swarane | gègèr ing jawi samana | alok wong ngamuk ika | ki kêdhe[2] gya arsa mantuk | asèlèh ing putranira ||
140–141 dari 1.487

 


pinapêksa. (kembali)
gêdhe. (kembali)