Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 234
141–142 dari 1.487
1.403–1.412 dari 14.865
026.033 katur sadayane sami | mring Ki Gêdhe ing Sêsela | miwah ringgit lan bêndhene | ya ta bêndhe tiningalan | sarêng wau katingal | punang kêkêmpul pinundhut | mring Ki Agêng ing Sêsela ||
026.034 kalangkung rêsêp ing ati | punang bêndhe winastanan | Kiyai Bicak wastane | kabêkta araning dhalang | sêsampuning mangkana | apan mantun karsanipun | maring rabine ki dhalang ||
026.035 sampune Ki Bicak kêni | kalangkung sukaning nala | saking pamawaning bêndhe | apan mantun darbe karsa | mring rabine ki dhalang | wus lami mangke winuwus | punang bêndhe ingestrenan ||
026.036 dening Susunan ing Kali | yèn bêndhe dadi têngêran | sapa ingkang duwe bêndhe | pinasthi dadi narendra | bêndhe têngêran yuda | sêkti yudane tur unggul | yèn bêndhe muni angangkang ||
026.037 mangkana malih winarni | Kyai Gêdhe ing Sêsela | samana ananêm waloh | nuju momong ingkang putra | anyamping cindhe ika | nanging tan amawi [4: 6: a...mawi] sabuk | sarya ngêmban ingkang putra ||
026.038 tansah dèn aring-aringi | putrane ingkang ingêmban | nulya miyarsa swarane | gègèr ing jawi samana | alok wong ngamuk ika | ki kêdhe[1] gya arsa mantuk | asèlèh ing putranira ||
026.039 kang ngamuk kasêlak prapti | ngarsane Kyagêng Sêsela | nulya anêmpuh sira ge | nuduki tan taha-taha | Ki Gêdhe ing Sêsela | tiba kasrimpêt wit waluh | sarta lumungsur nyampingnya ||
026.040 kêbat ki agêng atangi | kang putra sinèlèh ika | sampun asingsêt nyampinge | kang ngamuk winalês agya | tinabok kapisanan | ki agêng kala sinuduk | tan busik wulu salămba ||
026.041 sawuse wong ngamuk mati | samana Kyagêng Sêsela | apan nibakkên wiraos | ing besuk sapungkur ingwang | satêdhak-têdhak ingwang | aja na kang nanêm waluh | lawan aja na kang mangan ||
026.042 lawan walêr ingsun malih | ya satêdhak-têdhak ingwang | aja na kang nyamping cindhe | sapunika gancarira | kang kalêbêt ing babad | mangkana datan winuwus | wau ingkang kawarnaa ||
141–142 dari 1.487

 


gêdhe. (kembali)