Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 234
142–143 dari 1.487
1.414–1.423 dari 14.865
026.044 pan sampun sami akrami | wau kang putra sadaya | wus sêsalu panti dhewe | sami dhêkah sowang-sowang | atut dènnya kêkadang | apan kathahe pêpitu | kang putra Kyagêng Sêsela [4: 7] ||
026.045 pambajêngipun anênggih | Nyai Gêng Lêlurah Têngah | ana dene panggulune | nênggih Nyai Agêng Saba | anuli arinira | Nyai Gêng ing Bangsri iku | anuli arine ika ||
026.046 nênggih Nyai Gêng ing Jati | anuli arine ika | Nyai Gêdhe ing Patanèn | anuli malih arinya | anênggih kang anama | Nyai Agêng Pakisdangu | wuragil jalu kang nama ||
026.047 anênggih Ki Agêng Ênis | punika ayun pratela | kang tinutur sajarahe | mangkana ta cinarita | Nyai Gêdhe ing Saba | pan kêkalih putranipun | jalu kalawan wanodya ||
026.048 ingkang asêpuh pawèstri | kang anom jalu winarna | Kiyai Juru wastane | mangkana abêbesanan | Nyai Gêdhe ing Saba | awarang besan sadulur | aja kapara ing doha ||
026.049 kang putra Ki Agêng Ênis | awasta Ki Pamanahan | pan sampun pinanggihake | lawan putrane kang uwa | Nyai Gêdhe ing Saba | kaprênah ipe Ki Juru | kalawan Ki Pamanahan ||
026.050 mangkana winarna malih | amangsuli ing carita | ingkang cinatur arine | Kyai Gêng Gêtas Pandhawa | èstri sampun akrama | punika ingkang winuwus | wasta Nyai Gêdhe Ngêrang ||
026.051 darbe putra jalu pêkik | kalangkung inguparêngga | sampun mêpêg biraine | pan sampun apalakrama | asih pakramanira | mangkana aputra jalu | wus akrama kinasihan ||
026.052 anama Ki Agêng Pêthi[1] | punika wus apêputra | Ki Panjawi kêkasihe [4: 8: kêka...sihe] | warnanya bagus anawang | saya alama-lama | Ki Panjawi kang winuwus | kaambil putra dènira ||
026.053 dhatêng Ki Agêng ing Ênis | wus kadi gène ayoga | sampun manjing sadulure | kalawan Ki Pamanahan | lir kadi tunggil yayah | wus kadya saduluripun | saèsthi saekapraya ||
142–143 dari 1.487

 


Pathi. (kembali)