Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
27 dari 234
145–146 dari 1.487
1.444–1.453 dari 14.865
027.011 | anging aja angèmbèt-èmbèti | Rangkud kang ingsun jaluk ing sira | amung awak ingsun dhewe | pun Rangkud narik dhuwung | nulya goco têrus ing gigir | anêrus ingkang garwa | sajrone tan emut | Si Rangkud cidra wacana | milanipun dhuwung Ki Bêthok tinarik | kajinêman sinawat || |
027.012 | saking ampuhing dhuwung ngênèni | pun Rangkud kêna ing kêmbang kacang | ukur kabêsèr tatune [4: 12] | niba Ki Rangkud lampus | ya ta wau sarêng ngêmasi | Susunan ing Prawata | lawan garwanipun | tangis lir pendah ampuan | sinangkalan guna yaksa warna nabi |[1] Prawata kèh karuna || |
027.013 | mila Arya Jipang andhatêngi | amêjahi Susunan Prawata | apan mangkana kandhane | Arya Jipang karuhun | ingkang rama dipun pêjahi | mring Sunan ing Prawata | dening kang ingutus | awasta Ki Surayata | amêjahi ingkang rama arya nguni | pinanggih ing dêdalan || |
027.014 | kala kang rama ki arya dhingin | têdhak saking asalat Jumungah | ginarêbêg sawadyane | liwat karêtêg agung | Surayata mangkya ngadhêpi | sampun narik curiga | aglis nuli nuduk | datan amindhoni seda | pêjah nglèpèn Ki Surayata anuli | cinêkêl sinudukan || |
027.015 | sapunika kandhane rumiyin | pêjahipun ki arya kang rama | ing mangke winuwus malèh | sedane kang Sinuhun | ing Prawata gumêr kang tangis | miwah kang para putra | sêsambate asru | akathah yèn kawarnaa | ingkang layon apan sampun dèn sirami | sunan wus ing astana || |
027.016 | kang tan lila sadhèrèke èstri | arinira Susunan Prawata | Mas Rêtna Kalinyamate | nêdha ukum ing Kudus | lampahira apan sarimbit | wus prapta ing ngayunan | nira Sunan Kudus | matur Ni Mas Kalinyamat | milanipun kawula dhatêng ing ngriki | anêdha ukum tuwan || |
027.017 | inggih pun kakang dipun pêjahi | dening utusane Arya Jipang [4: 13: Ji...pang] | inggih punapa ukume | angling Susunan Kudus | sayêktine wong utang pati | winalês pinêjahan | iku ukumipun | ni mas Ratu Kalinyamat | nulya mantuk wruh ujar yèn tan sayêkti | ujar saking susunan || |
027.018 | Ki Arya Jipang ngadhang ing margi | lakinipun Ni Mas Kalinyamat | kang dipun arah patine | pinêgat ing dalanggung[2] | kinarubut sampun ngêmasi | anangis lara-lara | sira ni mas ratu | dhingin tinilar ing kadang | kaping kalih mangke tinilar ing laki | apan kinaniaya || |
027.019 | datan mantuk ing Dêmak nagari | banjur atapa wukir satata | ing Danaraja gununge | ênggènira amangun | kasubratan amati ragi | dadya tapa amuda[3] | rema karya pinjung | sangêt ambantêr sarira | sawarnine têtilare kang sawargi | pan satata ginawa || |
027.020 | ni mas rêtna mangke pasanggiri | ing benjang iya ingsun asinjang | lamun wus ana belane | patining lakiningsun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patinipun | pan ingsun tan arsa sinjang | lamun durung ana sanggup amatèni | maring Si Arya Jipang || |
145–146 dari 1.487
1 | Tanggal: guna yaksa warna nabi (S 1453). Tahun Masehi: 1531–2. Penguasa keempat Demak, Sunan Prawata, dan saudaranya Pangeran Kalinyamat, dibunuh oleh Arya Penangsang dari Jipang. Lihat juga: Javaansche Zamenspraken (1882 hlm. 17); BTJ Meinsma (1874 hlm. 87–8). Menurut Ricklefs (1981 hlm. 35) Demak diperintah oleh Sunan Prawata pada pertengahan abad ke-16. (kembali) |
2 | dêlanggung. (kembali) |
3 | awuda. (kembali) |