Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 234
146–147 dari 1.487
1.453–1.462 dari 14.865
027.020 ni mas rêtna mangke pasanggiri | ing benjang iya ingsun asinjang | lamun wus ana belane | patining lakiningsun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patinipun | pan ingsun tan arsa sinjang | lamun durung ana sanggup amatèni | maring Si Arya Jipang ||
027.021 yèn ta ana sanggup amatèni | Arya Jipang pan wus ujar ingwang | ingsun ngèngèri ing têmbe | nuli ingsun apinjung | lamun ora Jipang ngêmasi | pan salawasanea | ingsun ora pinjung | lamun durung olih bela | ya ta muni gêtêr patêr anauri | gumêr ing awang-awang [4: 14] ||
26. Adipati Pajang sowan Sunan Kudus
027.022 samana apan sampun alami | dènnya tapa wukir Danaraja | kalangkung dening merange | wau ta ni mas Ratu | Kalinyamat datan winarni | nênggih ingkang kocapa | Susunan ing Kudus | dawêgira siniwaka | dening sakathahipun para bupati | Arya Jipang nèng ngarsa ||
027.023 rêrêmbagan pan agunêm sami | kang wus lalis Pangeran Prawata | lan Pangran Kalinyamate | ngandika Sunan Kudus | lah ki jêbèng sira sun tari | ing sapatine ika | kakangira iku | ing Prawata Kalinyamat | pan wus lawas ing mêngko pangrasa mami | durung enak tiningwang ||
027.024 yèn sira durung madêg narpati | andhèwèki ingsun durung lêga | ing tyas iya sayêktine | nanging pangrasaningsun | lamun sira madêga aji | maksih ana kang malang | wani mring sirèku | iya Dipati ing Pajang | ingkang yogya akarsa madêg narpati | padha kalawan sira ||
027.025 watêk ing padha karêpe ugi | nora wandea têmah apêrang | ing Pajang lan Jipang têmbe | lan malih duganingsun | yèn ing Pajang maksiha urip | măngsa sira tulusa | dera madêg ratu | Ki Arya Jipang tur sêmbah | yèn makatên ing mangke ta kados pundi | ing karsa jêng susunan ||
027.026 yèn sawawi lawan sang siniwi | nênggih nagari Pajang punika | ing mangke kula gêpuke | sampun dados pakewuh | datan wande punika benjing | amakèwêdi lampah | Susunan [4: 15: Su...sunan] ing Kudus | asru dènira ngandika | lah ta jêbèng sayêktine karsa mami | aja kongsi mangkana ||
027.027 yèn pêranga dadi ngrusak nagri | wong cilik yêkti akathah pêjah | lah ta apa wêkasane | yèn dene karsaningsun | payo pinrih dipun adhêmit | sira priha lan cidra | dèn aja na wêruh | lah sira amêmataha | kang prayogi kajinêman kang mêkasi | nyidra Dipati Pajang ||
027.028 ya ta Dipati Jipang sira glis | akarsa sira anglampahana | saandikane gurune | sigra nimbali sampun | kajinêman kang tau titir | kathahipun sakawan | pra wignya ing kewuh | tate nyidra para nata | kapat pisan wus sami tampi wêwêling | ingatag dhatêng Pajang ||
027.029 gya lumampah tan kawarnèng margi | sampun prapta nagari ing Pajang | ing têngah wêngi praptane | arsa manjing kadhatun | kandhêg pinggir bata ainggil | ajinya duk winatak | pagêt[1] bata niyup | ingusap bata wus mêndhak | tan antara kajinêman kapat sami | wus manjing jroning pura ||
146–147 dari 1.487

 


pagêr. (kembali)