Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 234
144–145 dari 1.487
1.437–1.446 dari 14.865
027.004 kadi putra gènira ayogi | apan dipati dèrèng pêputra | karya lanjaran wiyose | ngakên putra pambayun | warnanira lêwih apêkik | Radèn Bagus kang nama | mapan maksih timur | awor lawan panakawan | sêmut gatêl sigêgên datan winarni | ucapêp[1] ing carita ||
25. Sunan Prawata tuwin Pangeran Kalinyamat dipun cidra ing Arya Jipang
027.005 wontên ganti kang winuwus malih | Susunan Kudus ingkang winarna | kang ginuron ing wong akèh | bupati para ratu | puruita datan gumingsir | Susunan ing Prawata | angguru ing Kudus | lan malih Ki Arya Jipang | anèng Kudus guru Sunan Kudus nênggih | sumungkêm patakonan ||
027.006 nanging Susunan Prawata nênggih | amalih kapti ing patakonan | kêkalih ing pagurone | dhingin Susunan Kudus | kaping kalih Susunan Kali | ya ta aris ngandika | Susunan ing Kudus | dhumatêng Ki Arya Jipang | lah ta kaki apa ukumipun ugi | wong ngalapdho upama ||
027.007 Ki Arya Jipang matur ngabêkti | inggih ukumipun pinêjahan | tiyang ngalapdho kawruhe | wangsul amba ayun wruh [4: 11] | sapa sintên tuwan raosi | ri saksana ngandika | Susunan ing Kudus | kakangira ing Prawata | apa rane iku ora malih kapti | matur Ki Arya Jipang ||
027.008 inggih punapa ingantos malih | apan ukumipun pinêjahan | Susunan Kudus dêlinge | sapa ingkang sumanggup | Arya Jipang matur ngabêkti | yèn wontên pangandika | kawula kang sanggup | angukumakên ing pêjah | ing pun kakang Susunan Kudus ngajani | lah payo lêkasana ||
027.009 Arya Jipang wuwuse adhêmit | duk angawe lurah kajinêman | ingandikan ing ngarsane | pun Rangkud wastanipun | lah miyanga Prawata aglis | cidranên patènana | pun Rangkud wotsantun | lah inggih gusti sandika | nuli mangkat datan kawarna ing margi | wus prapta ing Prawata ||
027.010 Sunan Prawata gêrah alinggih | alendhehan maring grahanira | nuli pun Rangkud dhatênge | tinakèn tan asantun | paran karsanira mariki | pun Rangkud atur sêmbah | kawula ingutus | anyidra dhatêng paduka | angandika Susunan Prawata nênggih | lah sira lêkasana ||
027.011 anging aja angèmbèt-èmbèti | Rangkud kang ingsun jaluk ing sira | amung awak ingsun dhewe | pun Rangkud narik dhuwung | nulya goco têrus ing gigir | anêrus ingkang garwa | sajrone tan emut | Si Rangkud cidra wacana | milanipun dhuwung Ki Bêthok tinarik | kajinêman sinawat ||
027.012 saking ampuhing dhuwung ngênèni | pun Rangkud kêna ing kêmbang kacang | ukur kabêsèr tatune [4: 12] | niba Ki Rangkud lampus | ya ta wau sarêng ngêmasi | Susunan ing Prawata | lawan garwanipun | tangis lir pendah ampuan | sinangkalan guna yaksa warna nabi |[2] Prawata kèh karuna ||
027.013 mila Arya Jipang andhatêngi | amêjahi Susunan Prawata | apan mangkana kandhane | Arya Jipang karuhun | ingkang rama dipun pêjahi | mring Sunan ing Prawata | dening kang ingutus | awasta Ki Surayata | amêjahi ingkang rama arya nguni | pinanggih ing dêdalan ||
144–145 dari 1.487

 


ucapên. (kembali)
Tanggal: guna yaksa warna nabi (S 1453). Tahun Masehi: 1531–2. Penguasa keempat Demak, Sunan Prawata, dan saudaranya Pangeran Kalinyamat, dibunuh oleh Arya Penangsang dari Jipang. Lihat juga: Javaansche Zamenspraken (1882 hlm. 17); BTJ Meinsma (1874 hlm. 87–8). Menurut Ricklefs (1981 hlm. 35) Demak diperintah oleh Sunan Prawata pada pertengahan abad ke-16. (kembali)