Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 234
161–162 dari 1.487
1.610–1.619 dari 14.865
030.018 saking kêbate panandêring turăngga | Arya Jipang wus prapti | sawetan Bangawan | Sore katon gumawang | wong Sêsela aningali | yèn Arya Jipang | nandêr prapta pribadi ||
030.019 Adipati Jipang kandhêg sabrang wetan | anèng pinggiring kali | Lèpèn Sore ika | sampun adhêp-adhêpan | kocap ing wêwalêr dhingin | sapa kang nabrang | pasthi apês kang jurit ||
030.020 wong Sêsela surak lir pendah ampuhan | ingkang nitihi baris | têtiyang tamtama | apan wong pêpilihan | angrampid pinggiring kali | ayun-ayunan | sami angati-ati ||
030.021 Adipati Jipang asru angandika | hèh sapa kang akardi | sung layang maringwang | mara sira nabranga | ngong kêmbulana ngajurit | dhêdhêmên ingwang | yèn kinêmbulan jurit ||
030.022 wong tamtama wong Sêsela samya ngucap | lah iya gusti mami | sung surat mring sira | iya Dipati Pajang | nabranga ingsun kêmbari | dudu prawira | yèn kandhêga ing kali ||
030.023 lamun sira arya tuhuning prawira | yakti sira nabrangi | ingsun tan suminggah | nadhahi yudanira | apan wus tandhinge [4: 39] ugi | padha prawira | nadhahi padha siji ||
030.024 Adipati Jipang kalangkung bramatya | kudane dèn cêmêthi | asangêt ginêbyag | Adipati ing Jipang | anuli gêbyur ing kali | pun Gagakrimang | kêbat dènnya anglangi ||
030.025 anglwir palwa angsal angin dhinayungan | nora cêcêp pêpinggir | surak wong Sêsela | apan sami prayitna | Pamanahan lan Panjawi | myang putranira | Ki Juru tan atêbih ||
030.026 sarêng prapta ing pinggir Ki Arya Jipang | ginarudug ing bêdhil | sinosog ing watang | linêmbing binangkolang | sinurak awanti-wanti | Ki Arya Jipang | kudane dèn cêmêthi ||
030.027 Gagakrimang glis lumumpat anglir kilat | tibèng têngahing baris | kinarya wot pisan | janma kathah katunjang | ambrakot nepak ngidêki | wong ing Sêsela | akathah ingkang kanin ||
161–162 dari 1.487