Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 234
163–164 dari 1.487
1.626–1.635 dari 14.865
030.034 duk samana wong Sêsela ingkang pêjah | kadi babadan pacing | wangke anggulasah | ingamuk Arya Jipang | watêk ing wus nandhang kanin | sira ki arya | datan anêdya urip ||
030.035 pangamuke ki arya pan tanpa lawan | singa katêmpuh gusis | wau kawarnaa | sira Ki Pamanahan | wruh yèn wong Sêsela ngisis | akathah pêjah | arsa tulunga jurit ||
030.036 lawan Ki Panjawi akarsa tumandang | wau radèn ngabèi | kang datan saranta | saking wantêring manah | ningali sakwèh wong mati | tantaring rama | sigra mangsah rumiyin ||
030.037 waos pun Palèrèd ingagêm ingêmbat | mangsah sira ngabèi | ya ta Arya Jipang | kang sampun nandhang brana | pangamuke wuru gêtih | sira rahadyan | kapale dèn titihi ||
030.038 mangsah ngrana rahadyan angêmbat watang | Ki Juru anututi | èstri kapalira | wau kang tinitihan | miwah sira Ki Panjawi | lan Pamanahan | kêbat [4: 41: kê...bat] samya nututi ||
030.039 apan sampun sami ngampingi kang putra | ki arya aningali | yèn pinagut ing prang | maring wau wong tiga | Dipati Jipang lingnyaris | wong apa sira | wani ngadhangi mami ||
030.040 apan sira dudu mungsuh ingong aprang | Si Pajang ana ngêndi | kang nanggupi ringwang | wani aganti watang | lah mara konên mêtoni | mapaga ringwang | mupung ngong iki kanin ||
030.041 sun tarima Si Pajang dudu wong lanang | yèn tan wani mêtoni | pan ngong wus kabranan | lah konên praptèng ngarsa | aja kang kaya sirèki | eman matia | rupamu nom apêkik ||
030.042 angur sira têka mundura lon-lonan | aja kongsi bilai | Radèn Loringpasar | mirsa lingnya ki arya | rahadèn runtik ing ati | arsa numbaka | Ki Juru wus udani ||
030.043 yèn kang putra wau lintang runtikira | arsa nêkani wani | Ki Juru prayatna | wruh kudane kang putra | yèn maksih bêlo kinocin | Ki Juru sigra | nguculkên kuda èstri ||
163–164 dari 1.487