Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 234
172–173 dari 1.487
1.715–1.724 dari 14.865
031.067 Ki Juru amituturi | dipun asabar ing karsa | măngsa wandea kalakon | êndi ana ratu cidra | nanging inganti uga | durung usum tibanipun | sampun para sakit driya ||
031.068 sangsaya alami-lami | pan sami kèndêl kewala | adipati tan miraos | sangsaya nora darana | wau Ki Pamanahan | sangsaya merang kalangkung | dening sunan mêdyèng ujar ||
031.069 adhêdhêkah ing Banglampir | Ki Pamanahan samana | saya kagagas wirange | wus lawas tan ana seba | maring Dipati Pajang | dèn palaur adhêdhukuh | ambantêri kang sarira ||
28. Ki Pamanahan bêbadra wontên ing Mataram
031.070 mangkana ingkang ginupit | Panêmbahan Kalijaga | pan ora samar tingale | pandhita angraga suksma | wikan dèrèng winarah [4: 53: wina...rah] | karsane wau têtulung | têtinjo ing Pamanahan ||
031.071 sakêdhap prapta Banglampir | Susunan ing Kalijaga | Ki Pamanahan ngêlosod | dening panêmbahan prapta | wau Ki Pamanahan | sumungkêm padaning guru | sampun atata alênggah ||
031.072 ngandika sang maha yêkti | dhumatêng Ki Pamanahan | adhuh jêbèng putraningong | ya gene nora nulusa | gènira asuwita | apan sira tunggal kawruh | kalawan Ki Jêbèng Pajang ||
031.073 Ki Pamanahan ngabêkti | kawula anuwun duka | putra paduka ing Paos | angowahi ing ubaya | milanipun kawula | inggih asangêt tan purun | sumawita ratu cidra ||
031.074 mèsêm Sinuhun ing Kali | arum wijiling wacana | aja ta sira wiraos | apan ingsun wus uninga | karsane manahira | alah payo mêngko ingsun | kang angatêr marang sira ||
031.075 apêpanggiha pribadi | kalawan ta arinira | apan wus tunggal paguron | kalawan Ki Jêbèng Pajang | singa ingkang dêduwa | yakti ingsun kang amatut | aja na wêganging karsa ||
031.076 lah payo sun atêr kaki | maring nagari ing Pajang | sira pêpanggiha dhewe | saksana sang apandhita | lumampah dhatêng Pajang | Ki Pamanahan tut pungkur | datan kawarna ing marga ||
172–173 dari 1.487