Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31–32 dari 234
173–174 dari 1.487
1.728–1.737 dari 14.865
031.080 mila nagri ing Matawis | dèrèng kasungkên pun kakang | dening maksih cêngkar garèng | ping kalihnya maksih wana | wawêngkon ing Mataram | akêdhik têtiyangipun | sêdyane manah kawula ||
031.081 pun kakang kawula sungi | nagari ingkang agêmah | dawêg ocal prayogine | panêmbahan wus uninga | jro tyase sang dipatya | lawan malih batinipun | kalawan Ki Pamanahan ||
031.082 ya ta angandika malih | Panêmbahan Kalijaga | pa gene têka mangkono | pan wus kalêbu ing ujar | bêcil[1] lawan alaa | aja angowahi sanggup | apan wus janjine ana ||
031.083 Mataram lawan ing Pathi | iku kang dadi ganjaran | aja na ujar kapindho | lah uwis sira srahêna | maring ing kakangira | tulusa dadi sadulur | atuta lir guladrawa ||
32. Dhandhanggula
032.001 sang dipati dangu tan kêna ngling | kèmêngan ing tyas apan akarsa | nora dèn aturna kabèh | sasurasaning kalbu | dados goroh mungguhing batin | sayêkti sang dipatya | sangêt jrihing guru | wasana [4: 55] matur anêmbah | dhatêng guru amba kamipurun ugi | umatur dhatêng tuwan ||
032.002 apan amba midhangêt rumiyin | wirayatipun Sinuhun Ngarga | punika benjing ing têmbe | wontên umadêg ratu | kadi amba nagri Matawis | ya ta sang apandhita | angandika arum | hèh Ki Jêbèng Pajang gampang | yèn mangkono iya kakangira mangkin | dimène aprasêtya ||
032.003 lah Jêbèng Pamanahan sirèki | prasêtyaa sun sêksèni sira | Ki Pamanahan nulya ge | atur sêmbahing guru | inggih amba tuwan sêksèni | lamun amba darbea | kayun madêg ratu | sêdya jumênênga sunan | nèng Mataram prasêtya kula puniki | awak kula priyăngga ||
032.004 yèn damêla piala wak mami | sêdya ngêndhih akaraton Pajang | ing awak kawula dhewe | sampun pênêd tinêmu | sapa sintên wikana benjing | sawuri-wuri amba | gaibing Hyang Agung | langkung karsaning Pangeran | panêmbahan angandika iya uwis | pan bênêr ujarira ||
032.005 iya jêbèng datan ana sisip | ujarira wau sang dipatya | ing Pajang lêga galihe | dènnya miyarsa wuwus | angèstokkên sapa wruh gaib | kêna ing ujar keras | panêmbahan muwus | lah uwis Ki Jêbèng Pajang | apasraha ya padesan ing Matawis | sungêna kakangira ||
032.006 Adipati ing Pajang wotsari | dhatêng ing guru saaturira | sumăngga ing asta kalèh | kula langkung jumurung | alah kakang dika tampèni | inggih dhusun [4: 56: dhu...sun] Mataram | taksih wana tuhu | Ki Pamanahan saksana | anampèni inggih desa ing Matawis | ingkang dadi ganjaran ||
173–174 dari 1.487

 


bêcik. (kembali)