Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
189–190 dari 1.487
1.882–1.891 dari 14.865
034.013 duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap sutanira | lawan rabinipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni [5: 7: mêmarè...ni] apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan ||
034.014 ulun kinèn akurisa iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pagene ya cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para matura | marang sang pukulun | yèn mangkono ujar ingwang | duta kalih Wilamarta Ki Wuragil | amit mulih mring Pajang ||
034.015 agya lampahe anuli prapti | pan tumamèng marang abyantara | cundhuk mangsah prabu age | nêmbah angusap lêbu | ring suku sang nulya alinggih | tumungkul mahangrêpa | ling duta sang prabu | hèh Sultan Sutawijaya | aubanggi ing uni kinèn rumiyin | lumampah anèng wuntat ||
034.016 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ri sêdhêng anèng purane | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnyangling | Senapati Ngalaga | kadyapa puniku | rèh andika pakênira | nora mangkat ingandikan ing ramaji | tan wande mêmungsuhan ||
034.017 ulun angaturi punang singgih | kadi pundi kita mêmungsuhan | sapa kang dinamêl topèng | Mantri Mataram takut | yèn adunên lawan ramaji | Sultan Pajang kawasa | dibya sêkti dangu | têlik wetan ingkang dhustha | pan tumama ing abyantara narpati | kapanduk sarèng nendra ||
034.018 sinudukan dening punang têlik | Sultan Pajang eca dènnya nendra | lir lalêr mencok krasane | kampuhipun tan têrus | para graha kagyat samyanjrit | sultan pinarêbutan | kagyat sira wungu | ningali [5: 8: ni...ngali] kang para graha | padha nangis gumurunggung anèng sikil | anarka yèn kabranan ||
034.019 kadar pira dêdamêl Matawis | amung dhomas wongirèng Mataram | apan ta dudu timbange | yèn mungsuha sang prabu | yakti kalah wadya Matawis | Senapati Ngalaga | dudu timbangipun | timbangên lan para putra | balanipun lan balanira Matawis | jawèkna wadya Pajang ||
034.020 rajaputra dunungira inggih | ajêjuluk Pangeran Banawa | apan salêksa balane | lwir na kang para mantu | adipati ing Dêmak nênggih | sangang èwu kang bala | ana lèn kang mantu | anênggih Dipati Tuban | abêbala wong wolung èwu anênggih | mantu putu ana lyan ||
034.021 adipati ing Bantên kêkasih | wadyanira kawan èwu ngetang | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | lan têmbaga karyanên kulit | nadyan otota kawat | gêgala kang sungsum | tan wande rêmak kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | pan kalah ingkang dhomas ||
034.022 lwir antiga sela ingkang ngapit | wong Mataram upama antiga | wadya Pajang lwir selane | yakti rêmak antêlu | pan karyanên ing saupami | duryan wadya ing Pajang | wong Mataram timun | sayêkti măngsa mênanga | ingkang timun yan duryan ingkang nindhihi | yakti duryan kang mênang ||
189–190 dari 1.487