Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
190–191 dari 1.487
1.895–1.904 dari 14.865
034.026 pangrasane atiningsun iki | lamun kita amungsuha liya | sapuluh Pajang gêdhene | apan wani ing ulun | nadyan jagat sabrang myang Jawi | apan barênga mara | tan gumingsir ulun | suka pêjah anèng rana | wus pantêse kinêmbulan ing ajurit | ingudanan warastra ||
034.027 pakênira hèh Ki Senapati | aprang mungsuha ing Sultan Pajang | tri prakara kainane | dhihin amungsuh guru | kaping kalih amungsuh gusti | kaping tri wong atuwa | ingkang kita mungsuh | iya dudu kang ayoga | anging sasat bapa dene kala cili | kinêmpit pinèt anak ||
034.028 lwirning kaya guru rama aji | apan kita winuruk ngagama | duk sarêng akil balège | tatas ing raosipun | nulya kita winuruk [5: 10: wi...nuruk] malih | karosan kadigdayan | para dibya luhung | kita lumêbèng sagara | datan têlês lir ngambah dharatan siti | kita bong tan gêsênga ||
034.029 lan masalah ngèlmi dadi mantri | myang dipatya miwah dadi raja | têlas winurukkên kabèh | wutah sajroning kalbu | maring kita ramaniraji | purwane kita dibya | sêkti ambêg sadu | lah apa wêwalêsira | maring sultan pan sira sampun asinggih | mangkurat bala dhomas ||
034.030 Senapati ing Ngalaga nangis | jroning nala miyarsa kang paman | ing sawirayate kabèh | apan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnyangling | Senapati Ngalaga | mangrêpa tumungkul | karasa yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dyan mojar ||
034.031 Kyai Paman Juru Amartani | kadipundi ing rèh pakênira | kang pundi manira angge | rèh manira tan purun | asebaa Pajang nagari | wilujênga ing lampah | aywa antuk rêngu | gèn manirarsa têtêpa | nèng Mataram tumuruna suta mami | myang putu buyut canggah ||
034.032 Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati ing Ngalaga | lampah kang yogya ingangge | wruha kita ing guru | dèn kawayang ing lair batin | apan Jêng Sultan Pajang | tatansèngsun[1] wuruk | iku sayêktine wayah | lah pintanên yèn sultan tumêkèng lalis | kita gumantya sultan ||
034.033 yèn wus mangkana kita dèn yêkti | panêdhanira marang Hyang Suksma | aywa kita salah dalèh | apan iku [5: 11] saèstu | asung mulya ing awal akir | sumiliha ing Pajang | pan jênêngirèku | pintanên marang Hyang Suksma | apan kita ingangkah suta sayêkti | ing ramanira sultan ||
034.034 kaping kalih mintaa ing aji | ramanira walêsên kewala | ati-atinên tatane | ana minta ing kawruh | sinalira mapan kaèksi | dening sri naranata | lah êndi pukulun | nanging nalika punika | laku linggih solah muna lawan muni | minăngka panêngêran ||
034.035 lamun kita aseba aisin | maring Pajang nadyan tan sebaa | yèn prapta sultan dutane | aywa tuna ing têmbung | amangsuli wacana manis | pasungsung aywa pêgat | ing saisinipun | prajanira ing Mataram | aywa kita rumaos kantunan budi | nirêp dukane sultan ||
190–191 dari 1.487

 


tatasèngsun. (kembali)