Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
190 dari 1.487
1.891–1.900 dari 14.865
034.022 lwir antiga sela ingkang ngapit | wong Mataram upama antiga | wadya Pajang lwir selane | yakti rêmak antêlu | pan karyanên ing saupami | duryan wadya ing Pajang | wong Mataram timun | sayêkti măngsa mênanga | ingkang timun yan duryan ingkang nindhihi | yakti duryan kang mênang ||
034.023 anglir sasi wadya ing Matawis | lwirning surya wadyabala Pajang | yan ing raina wijile | sasi kucêm dinulu | merang maring ujwalèng sasi | dening ujwalèng surya [5: 9: sur...ya] | apadhang dinulu | lwir agni wadya Mataram | wadya Pajang lwir udan saking ing langit | agni sayêkti pêjah ||
034.024 kadipundi hèh Ki Senapati | yogyanira mungsuh Sultan Pajang | lwir uga kita ing dhewe | ngandêlakên yèn têguh | rosanira dibya myang sêkti | têpung puputa kita | myang akantar bahu | lan ramanira jêng sultan | ulun iki akucêm merang ningali | muka mantri ing Pajang ||
034.025 mandahane ucapipun ugi | nagara lyan tuwin ratu sabrang | kang asêngit mèsêm kabèh | dening mungsuh sakêthu | yêkti narka liyan nagari | Senapati Ngalaga | ènthèng yèn minungsuh | katuju wania aprang | mungsuh yayah rasa tan ana madhani | dening suta myang bapa ||
034.026 pangrasane atiningsun iki | lamun kita amungsuha liya | sapuluh Pajang gêdhene | apan wani ing ulun | nadyan jagat sabrang myang Jawi | apan barênga mara | tan gumingsir ulun | suka pêjah anèng rana | wus pantêse kinêmbulan ing ajurit | ingudanan warastra ||
034.027 pakênira hèh Ki Senapati | aprang mungsuha ing Sultan Pajang | tri prakara kainane | dhihin amungsuh guru | kaping kalih amungsuh gusti | kaping tri wong atuwa | ingkang kita mungsuh | iya dudu kang ayoga | anging sasat bapa dene kala cili | kinêmpit pinèt anak ||
034.028 lwirning kaya guru rama aji | apan kita winuruk ngagama | duk sarêng akil balège | tatas ing raosipun | nulya kita winuruk [5: 10: wi...nuruk] malih | karosan kadigdayan | para dibya luhung | kita lumêbèng sagara | datan têlês lir ngambah dharatan siti | kita bong tan gêsênga ||
034.029 lan masalah ngèlmi dadi mantri | myang dipatya miwah dadi raja | têlas winurukkên kabèh | wutah sajroning kalbu | maring kita ramaniraji | purwane kita dibya | sêkti ambêg sadu | lah apa wêwalêsira | maring sultan pan sira sampun asinggih | mangkurat bala dhomas ||
034.030 Senapati ing Ngalaga nangis | jroning nala miyarsa kang paman | ing sawirayate kabèh | apan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnyangling | Senapati Ngalaga | mangrêpa tumungkul | karasa yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dyan mojar ||
034.031 Kyai Paman Juru Amartani | kadipundi ing rèh pakênira | kang pundi manira angge | rèh manira tan purun | asebaa Pajang nagari | wilujênga ing lampah | aywa antuk rêngu | gèn manirarsa têtêpa | nèng Mataram tumuruna suta mami | myang putu buyut canggah ||
190 dari 1.487