Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
193–194 dari 1.487
1.927–1.936 dari 14.865
034.058 Mantri Mataram lir banthèng kanin | kadya macan basah-binasahan | landheyan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilapat tuhu | cihnane kayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining janma ||
034.059 samya matur sakathahing mantri | pan kawula adunên apêrang | pasihan dalêm wus akèh | mapan kawula purun | amêngsaha sri narapati | yèn tuwan ngajanana | pan kawula purun | nadyan tangkêpa salêksa | gêgamane wong Pajang amba tan gingsir | pan katuwukkên dana ||
034.060 apan wutahe ludira mami | lan tigase ing murda kawula | kasaurakên ing sihe | muga dadia ratu | tan kawawa amba nuwun sih | kawula tur prasêtya | anjalma ping pitu | kawula tuwan abdèkna | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | ngabdia têdhak tuwan ||
034.061 sêtya kawula ing wisma dhingin | ajêng sowan dhatêng Sultan Pajang | ngasrahkên bulubêktine | tuwan mêgati ngênu | kinon mandhêg kang para mantri | ingajak akasukan | ing mangke pukulun | mangke kawula tan nêdya | yèn kajênga mring Pajang tur bulupêkti[1] [5: 17: bu...lupêkti] | pan sampeyan narendra ||
034.062 sakathahe bulupêkti mami | kaatura sampeyan sadaya | datan wontên sandheyane | Mataram Ratu Agung | pan nagara ing têpis iring | samya ngidhêp sadaya | dhatêng sang aprabu | adipati kang tumitah | saliring wong desa Pamajêgan adi | tuwan ingkang nataa ||
034.063 yèn sampeyan lumampaha jurit | yèn kawula damêlên pêpêjah | pan kawula walêsake | datan sagêda mangsul | sih paduka yèn manggih kardi | pêjaha wontên ngarsa- | nira sang aulun | kawula datan kumêdhap | datan liyan ingkang kawula tingali | Panêmbahan Ngalaga ||
034.064 angandika alon Senapati | ing sakèhe mantri pamajêgan | sun tarima prasêtyane | pan dudu kaya iku | karsaningsun maring ramaji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | pan manira mapan ingkang anyaguhi | andêlêna ing prana ||
034.065 mapan ingsun purun anaguhi | ing dukane kangjêng rama sultan | sun lakoni sapakone | karsanira sang prabu | pan sadaya wus anèng mami | pan ingsun anjênêngna | Răngga lan tumênggung | ngabèi arya myang dêmang | pêcatăndha kandhuruwan ăndhamoi | ingsun sinung kawasa ||
034.066 sakathahe ingkang para mantri | ingkang arsa jumênênga arya | sun jênêngakên sun gawe | miwah kang dèrèng lungguh | ingkang pantês walulang benjing | sun kang awèh walulang | kang pantês lêlungguh | lêluh [5: 18: lê...luh] patinggi ika |[2] ingkang arsa alungguh lampit sun lampit | apan ingsun winênang ||
034.067 aluwaran mangkya Senapati | sampun mantuk dhatêng dhatulaya | kang aseba bubar kabèh | Kyai Bocor winuwus | ingkang tansah tinanting-tanting | karsane Panêmbahan | ingkang durung rujuk | mapan arsa ngayonana | ing bobote Senapati ing Matawis | tansah ingarah-arah ||
193–194 dari 1.487

 


bulubêkti (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: lêlungguh patinggi ika. (kembali)