Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
195–196 dari 1.487
1.947–1.956 dari 14.865
034.078 Kyai Juru widigdèng ing wadi | wus uninga ciptane kang putra | anulya sinusul age | wayahe lingsir dalu | lampahira lir kilat thathit | sakêdhap nulya prapta | Nglipura jinujug | wus panggih lawan kang putra | Senapati sakeca dènira guling | anèng sela gêgilang ||
034.079 Kyai Juru Amartani angling | awungua kae Senapatya | ujare arêp agêdhe | têka eca aturu | tan antara lintang kang prapti | warnanya kadi dilah | ing baskara satus | upama gênge kang lintang | sakarambil têka tabone winarni | gumawang nginggil nendra ||
034.080 Kyai Juru sigra dènnya angling | sarya anggugah dhatêng kang putra | awungua dipun age | punapa anèng luhur- | rira turu mancur lwir sasi | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | tumingal sarya ngandika | apa sira [5: 21: si...ra] mancorong ing luhur mami | satuwuk dèrèng mulat ||
034.081 punang lintang sigra dènnya angling | wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah ing dhèwèke | ênggènira manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning sang | amurwèng pandulu | ing mêngko wus tinarima | marènana kang dera pêlêng wus kêni | tinarima dening Hyang ||
034.082 mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dibya sêkti pinunjul | para ratu ing tanah Jawi | miwah ing tanah sabrang | pra samya anungkul | tumêka ing sutanira | myang pêputu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan ||
034.083 saturunira jumênêng aji | ing Mataram suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | langkung keringanipun | amêkasi dadi nrêpati | nulya nagara rêngka | myang lintang kumukus | grahana surya lan wulan | gugur-gunung udan awu myang karikil | cihna nagara rêngka ||
034.084 aglis lintang murca mring wiyati | Senapati amicarèng nala | baya ta prapta ing mangke | pasthi sun madêg ratu | suta têka ing putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ingsun pandam tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||
034.085 Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati ing Ngalaga | aja ngujubriya têmbe | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | benjang têka ing têmah | sira manggih mungsuh | yèn anèng têngah payudan | pasthinipun wintang tan kêna tinagih [5: 22] | ran gon amasthèkna |[1]|
034.086 kadipundi goning ngandêl iki | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | ora pasthi tinangguh | pae janma pasthi pinanggih | ujar dede lan iya | pasthi yèn katêmu | beda padha sami janma | rèhning swara jaij[2] arane puniki | wênang dudu lan iya ||
034.087 têka besuk yèn praptèng ing jurit | datan wande ingsun lawan sira | tan wurung ngawaki dhewe | kalah mênanga besuk | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi yèn dadi tawan ||
195–196 dari 1.487

 


Kurang satu suku kata: karan gon amasthèkna. (kembali)
gaib. (kembali)