Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
196–197 dari 1.487
1.955–1.964 dari 14.865
034.086 kadipundi goning ngandêl iki | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | ora pasthi tinangguh | pae janma pasthi pinanggih | ujar dede lan iya | pasthi yèn katêmu | beda padha sami janma | rèhning swara jaij[1] arane puniki | wênang dudu lan iya ||
034.087 têka besuk yèn praptèng ing jurit | datan wande ingsun lawan sira | tan wurung ngawaki dhewe | kalah mênanga besuk | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi yèn dadi tawan ||
034.088 Senapati garjita ing ati | amiyarsa tuture kang paman | Juru Martani wastane | Senapati amuwus | kadipundi rèh dika mangkin | kula darma lumampah | inggih ulun anut | ing saparipolah dika | wong kêkalih ing karsa dadosa siji | dika kalawan kula ||
034.089 Kyai Juru Amartani angling | yèn mangkono payo rêrêmbugan | ujare ana dalile | tinêdha ing Hyang Agung | gampangêna sêdya puniki | sakèhe kang tinêdha | kang angèl puniku | muga èsmu gampangêna | alah nêdha pêpatahan rêbut kardi | payo anuli mangkat ||
034.090 ingsun munggah ing gunung Marapi | pakanira[2] dhatênga samodra | lah têdhanên dipun age | nyatakêna dèn tuhu | ing pasthine karsaning Widi | lah nêdha sarêng mintar | sarênga atundhuk | Senapati kapêthukan | nulya [5: 23] kesah ngetan bênêr sigra prapti | ambyur ing kali Umpak ||
034.091 langi bathang anurut ing kali | ana olor agêng tan upama | pun Tunggulwulung wastane | yèn janmaa amuwus | baya mêngko ingsun pêpanggih | kalawan gustiningwang | dhuh nyawa pukulun | anitiha gigir ingwang | inggih gusti kangjêng paduka rumiyin | lumampah karsa tuwan ||
034.092 olor ika purwaning kariyin | natkala Senapati cangkrama | anèng Sawangan purwane | kali Samas kinêbur | kinarakat jala lan cundhit | ancol lawan papêcak | ayab sèsèr susug | saliring ulam pan kêna | ana olor kapanggih dhasaring warih | gênge kagila-gila ||
034.093 pan kasatan mêsat datan kêni | wong Mataram samya rêrêbutan | anyikêp olor agêdhe | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | olor dibya agung | sigra sira binusanan | ajamang mas kêkalung jimat awêning | kancana kang kinarya ||
034.094 olor dyan inguculakên malih | maring toya olor winastanan | pun Tunggulwulung wastane | matanira mawêlu | lir ujwala baskara sasi | lamun tinon ing toya | busanane murub | kadya parada kancana | saparane kang tumingal samya ajrih | olor ika narendra ||
034.095 Senapati wau duk angèli | apan kandhêg anèng ing Sawangan | lembak-lembak ing pinggire | olor sagara kidul | tri gumuruh kagiri-giri [5: 24: kagiri-gi...ri] | gurnita kadi gêlap | gêdhene sagunung | tan endah ing warnanira | sande ing tyas ana pati masukêti | tan ana pasingkaban ||
196–197 dari 1.487

 


gaib. (kembali)
pakênira. (kembali)