Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 234
196–197 dari 1.487
1.960–1.969 dari 14.865
034.091 langi bathang anurut ing kali | ana olor agêng tan upama | pun Tunggulwulung wastane | yèn janmaa amuwus | baya mêngko ingsun pêpanggih | kalawan gustiningwang | dhuh nyawa pukulun | anitiha gigir ingwang | inggih gusti kangjêng paduka rumiyin | lumampah karsa tuwan ||
034.092 olor ika purwaning kariyin | natkala Senapati cangkrama | anèng Sawangan purwane | kali Samas kinêbur | kinarakat jala lan cundhit | ancol lawan papêcak | ayab sèsèr susug | saliring ulam pan kêna | ana olor kapanggih dhasaring warih | gênge kagila-gila ||
034.093 pan kasatan mêsat datan kêni | wong Mataram samya rêrêbutan | anyikêp olor agêdhe | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | olor dibya agung | sigra sira binusanan | ajamang mas kêkalung jimat awêning | kancana kang kinarya ||
034.094 olor dyan inguculakên malih | maring toya olor winastanan | pun Tunggulwulung wastane | matanira mawêlu | lir ujwala baskara sasi | lamun tinon ing toya | busanane murub | kadya parada kancana | saparane kang tumingal samya ajrih | olor ika narendra ||
034.095 Senapati wau duk angèli | apan kandhêg anèng ing Sawangan | lembak-lembak ing pinggire | olor sagara kidul | tri gumuruh kagiri-giri [5: 24: kagiri-gi...ri] | gurnita kadi gêlap | gêdhene sagunung | tan endah ing warnanira | sande ing tyas ana pati masukêti | tan ana pasingkaban ||
034.096 Senapati tarkanira wani | malêbua sajroning samodra | nyata ewuh ing nyanane | Senapati manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning sang | amurwèng pandulu | sigra kang prahara prapta | lesus mêsês bayu-bajra agêng prapti | akèh kayu rug sêmpal ||
034.097 sagaranya gumêtêr awêrdi | toya wêning lir kadi raditya | sagunung-gunung alune | padhaa ing kumumbu | padha ngosèk anèng ing tasik | bandêng lawan balanak | ing parang kabêntus | malêtuk utêk sumirat | saking tutuk ludira têmpuh ing jurit | parang kadi rinêngga ||
034.098 urang aking pan kadi jinrangking | munggèng parang mina awin ika | bladhêr têpining gisike | kang sami maksih idhup | kapanasan padha kèh mati | sawênèh ana mina | mina surakipun | umêsat saking samodra | tibèng pinggir mugya araning puniki | mijil nulya palastra ||
034.099 mina pêsut myang ambara kingkin | gajah mina upama prawata | bandêng kalawan kalalèn | padha malêbèng banyu | ing samodra toya lwir api | gajah mina sadaya | sowang-sowangipun | sarta lan sakèh nguyutan | padha kagyat naga ngungsi ing pratiwi | sudira tan darana ||
034.100 tatkalanya bêlahing jaladri | mapan kalah pana nagagendra | palayunira pan age [5: 25] | kèn balèg jroning banyu | pan lumembak anèng jaladri | nulya sira gumiwang | bubagra gumuruh | rindhike pan mawilêtan | kilat thathit angin wetan kidul prapti | toya cihna kiyamat ||
196–197 dari 1.487