Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36 dari 234
208–209 dari 1.487
2.074–2.083 dari 14.865
036.024 Adipati Banawa sirangling | kakang Senapati ing Ngalaga | kawula iki [5: 41] kinèngkèn | dening sultan tuwanku | jêngandika kapirsa nênggih | dera majêng ngandika | akarsa amungsuh | ing ramanira jêng sultan | inggih nyata punapa datan sayêkti | ulun nêdha jinarwan ||
036.025 Senapati sigra anauri | măngsa-borong kang matur ing sultan | ratu pan têrus tingale | tarkane tyas ing ulun | datan samar paduka aji | saparipolah ingwang | barkate sang prabu | kagêngan dalêm Mataram | datan narka yèn ulun kang andarbèni | mapan kagungan sultan ||
036.026 ulun angaturakên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mataram | jêngandika pan gustine | yèn sawawi pukulun | tumanduka marang Matawis | mapan nagara tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos akarsa andika yayi | tanpa arak waragang ||
036.027 Adipati Banawa sirangling | hèh tumênggung amăncanagara | nyata linyok ing wartane | bakite ingkang matur | marang rama sultan ing nguni | yaktine iki ora | ujare amungsuh | ingsun piandêl ing kakang | ing bêcike suguhe wadya Matawis | dadya cihna amêrta ||
036.028 Adipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mataram | tumama ing kadhatone | nulya rawuh alungguh | pinarêk ing wadya Matawis | andhèr wadya ing Pajang | amrêgil supênuh | amundhut brêm lan waragang | ya ta nuli agêpah dènnya anglarih | galaganjur tinêmbang ||
036.029 adipati ing Tuban sirangling [5: 42: si...rangling] | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêkas kasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||
036.030 Senapati Ngalaga nauri | abdi dalêm Mataram ambêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang dhusun | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang towoke tinigas pancing | buntare sinêmpugan ||
036.031 adipati gumujêng saryangling | botên nusul têtiyang ing Tuban | wong Mataram digdayane | yèn bêbêksan anginum | wong ing Tuban yèn bêksa lêmbing | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan agênti ing wong kang lêmbing-linêmbing | wus wantuning wong Tuban ||
036.032 atanapi yèn ambêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ingkang kinarya sodore | abêbaksan[1] anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah para mangke andika ayoni | wong Tuban ababêksan ||
036.033 Senapati ing Ngalaga angling | têtiyang dalêm Mataram tiwas | sami awidhung tangkêpe | pan dawêg sêsinau | dèrèng wontên angrêspatèni | wantu têtiyang desa | yèn baksa anginum | sami anggagak urahan [5: 43] | mung cangkême gumêdêr bêbêribini | ambêksa tan tiyasa ||
208–209 dari 1.487

 


abêbêksan (dan di têmpat lain). (kembali)