Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36–37 dari 234
211–212 dari 1.487
2.105–2.114 dari 14.865
036.055 sakathahe dêdamêl Matawis | gajah jaran lawan èstrinira | amêthuk têka rabine | sumăngga karsèng ulun | miwah wana isine ênting | banthèng kidang manjangan | kinarya sêsuguh | yèn ulun kala anendra | para rabi sumandhing ulun ngêpêti | ya ta tut pra kathaya ||
036.056 pun tumênggung amăncanagari | sigra matur dhatêng Sultan Pajang | inggih yaktos pambalike | suta pukulun iku | Senapati Ngalaga nênggih | sagêd akarya gêlar | wong agung asêmu | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata yêktos kakang Senapati | ambalik ing sang nata ||
036.057 ing tarkane tyas ulun puniki | kakang Senapati ing Ngalaga | yèn papagêna jurite | dêdamêl Pajang sèwu | pinarênga mara ajurit [5: 48: aju...rit] | pasthi datan anăngga | widagda atêguh | Senapati pan satunggal | digdayane lêwih kang wong sanagari | têpis wiring rat Jawa ||
036.058 Sultan Pajang kampita ing ati | amiyarsa ature punggawa | myang tanaya lan mantune | anarka lamun nêmpuh | ing têmahe prana ing jurit | Sultan Pajang gya mojar | maring ki tumênggung | sira mantriningsun lawas | măngsa sira goroha maring ing kami | sakèhe aturira ||
036.059 Ki Dipati Banawa puniki | mapan wode ing wradayaningwang[1] | iku lanang sajugane | saature ngong gugu | măngsa iki ngrusak ing kami | măngsa iku doraa | pan nagaranipun | dadi ewuh tampaningwang | mapan karo tan ingsun gugu sirèki | pan sun pikir ujarnya ||
036.060 sun tuture kakangirèng nguni | kala bocah dadi panakawan | ingsun raina asare | Senapati atunggu | anèng dagan ingsun aguling | ana karsaning Suksma | ula gêdhe anung | arsa narajang maringwang | Senapati tangginas dènnya nyêkêli | ula pinêdhot pêjah ||
036.061 wis mangkone ingsun acangkrami | marang wana ing rame samana | anggêrit sangsam myang banthèng | Senapati pan milu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri Pajang kapisah | kalawan ing ulun | anggiring banthèng anjangan[2] | apan ulun katungkul dening anggêrit | kalawan garwaningwang ||
036.062 wus mangkana ana banthèng kanin | nulya ngamuk tan ana amapag | panggritan tinêmpuh age | Senapati [5: 49: Senapa...ti] amêthuk | nyêkêl sungu pan siji sisih | rosa ingkang andaka | pokah ingkang sungu | banthèng niba kapisanan | iya iku digdayane Senapati | sêdhênge lagi bocah ||
036.063 mangke malih sangsaya asêkti | pan wis tuwa waspadèng wêweka | widagda ing sasmitane | amikanakên sêmu | apan ulun wikan ing wangsit | sakarsanira mothah | apan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lwir gon ngong yoga brăngta ||
37. Asmaradana
35. Radèn Pabelan, Tumênggung Mayang dipun tundhung dhatêng Samarang, lajêng dipun rêbat dhatêng Senapati
037.001 datatita lingnya nguni | kocapa Tumênggung Mayang | atmajane bagus anom | Radèn Pabelan namanya | dahat tan arsa krama | yayahnya saha pitutur | sangêt pamrêdèng ing suta ||
211–212 dari 1.487

 


wardayaningwang. (kembali)
manjangan. (kembali)