Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 234
220–221 dari 1.487
2.192–2.201 dari 14.865
038.010 yèn gustimu bekane oliha bedhang | wong patang puluh iki | pasthi pinêjahan | dening Jêng Sultan Pajang | rarêksan kalêbon sandi | yèn tan matura | kayapa dayanèki ||
038.011 payo matur manawa ta kadhiminan[1] | sira mring wong tamtami | ora wande pêjah | sira kalawan ingwang | payo bekane dèn aglis | matur mring sultan | nulya malajêng sami ||
038.012 praptanira ngajêngan para parêkan | sami konjêm ing siti | sarêng aturira | mring Kangjêng Sultan Pajang | ngaturakên pati urip | sultan kawula | tiwas ngrêksa ing gusti ||
038.013 sigra mojar Sultan Pajang ing parêkan | tiwas apa sirèki | ngrêksa gustinira | parêkan matur samya | kawula kalêbon [5: 61: kalêbo...n] sandi | nênggih kang aran | pun Pabelan sang aji ||
038.014 sarêng mirsa sultan aturing kawula | jaja lir mêtu agni | kumêdut kang lathya | tingal andhik lwir surya | ujwala lir wora-wari | wadananyabang | cihna duka dhatêngi ||
038.015 hèh parêkan timbalana wong tamtama | sakèri kanan aglis | padha kita kona | mawa sapanêkarnya | parêkan lampahe aglis | praptèng pasowan | wong tamtama kapanggih ||
038.016 hèh priyayi tamtama nêdha ngandikan | malêbêt ing jro puri | jajar dèn gawaa | lah anêdha dèn enggal | parêkan lampahnya ngarsi | praptèng ngajêngan | umatur ing narpati ||
038.017 atur uninga sultan lampah kawula | animbali kang abdi | tamtama sadaya | srimanganti wus prapta | sultan ngandika dèn aglis | lah lêbokêna | parêkan glis nimbali ||
038.018 Ki Ngabèi Wiratanu lah ngandikan | kalayan Ki Ngabèi | Surakarti dika | kalih pan sampun prapta | ngajênganira sang aji | sultan ngandika | maring Ki Surakarti ||
038.019 Surakarti hèh Wiratanu ta sira | patènana dèn aglis | kang anèng jro pura | banthèng sungu kancana | kang anyudhang putri mami | pacuwan sira | dèn mati padha mangkin ||
220–221 dari 1.487

 


kadhinginan. (kembali)