Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38–39 dari 234
221–222 dari 1.487
2.209–2.218 dari 14.865
038.027 Radèn Pabelan dêlalahe yèn pêjah | têka ngandêl sirèki | nulya sira wudhar | sarwi sira angucap | radèn ayu ingsun mijil | lah uculêna | mas ngabèi naguhi ||
038.028 mas ngabèi wus winêkas maring rama | dening tingkah ngong iki | nulya radèn mêdal | miyos ing palataran | sêdyane [5: 63] radèn ngujungi | dhumatêng sira | Ngabèi Surakêrti ||
038.029 sarêng dhêku kang wingking sira narajang | sarêng pasuduknèki | radèn kaprajaya | datan kongsi sêsambat | kapisanan nuli mati | arang karanjang | kaninira nêmbusi ||
038.030 sampun mati binuwang kali Lawiyan | kang rama tan mirsèki | pan ganti rong dina | tumênggung dènnya mirsa | yèn kang putra sampun mati | pan sinudukan | sampun binuwang kali ||
038.031 sêsampune pêjah Rahadèn Pabelan | anuli dèn timbali | Ki Tumênggung Mayang | dinukan kangjêng sultan | arsa tinundhung tumuli | marang Samarang | ingajap dhandhanggêndhis ||
39. Dhandhanggula
039.001 dyan punika kang winuwus malih | garwanira Ki Tumênggung Mayang | nênggih punika arine | Senapati punika |[1] pun Tumênggung Mayang pan mantri- | nira sultan ing Pajang | pan olèh bêbêndu | tinundhung marang Samarang | mantri sèwu punika ingkang angiring | mangkat maring Samarang ||
039.002 Tumênggung Mayang wau kang èstri | andutakkên ambêkta nawala | praptèng ing Mataram age | lumêbêt ing kadhatun | mangsah cundhuk lan Senapati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | nuli ngaturakên layang | tinanggapan ing Senapati Matawis | layang nulya winaca ||
039.003 pèngêt kakang Senapati mami | olèh dukanira kangjêng sultan | pan kinesahkên ing mangke | Samarang karsanipun | mantri Pajang ingkang angiring | sèwu gêgamanira | padha sirèng ngêpung | ulun punika yèn kêna | abdèkêna [5: 64] sumawita ing Matawis | sampun lyan pangawulan ||
039.004 layang sampun wau sinasuwir | ingkang jaja upama tambaga | apracihna sru dukane | lathinira kumêdut | mukanira lwir wonga-wari[2] | ujwalanya baranang | kotbuta dinulu | Senapati ing Ngalaga | tingalnyandik ujwala apindha api | rêrêp sakwèhing wadya ||
039.005 Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra mantri pamajêgan | sami ngong têdha damêle | mantri kang patang puluh | hèh rêbutên sadulur mami | yayi Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sagon kêpapag | nulya sami sinangonan ingkang mantri | pamajêgan sadaya ||
221–222 dari 1.487

 


Biasanya guru lagu u: puniku. (kembali)
wora-wari. (kembali)