Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38–39 dari 234
221–222 dari 1.487
2.205–2.214 dari 14.865
038.023 Ki Ngabèi Surakarti nulya ngucap | lah mêngko ta dèn ririh | nanging wêkas ingwang | samăngsa ngong watuka | nulya malêbua sami | aja kalaya | kabèh sakănca sami ||
038.024 Ki Ngabèi Surakêrti sigra mangkat | malêbêt sira aglis | aris dènnya ngucap | anak ingsun Pabelan | tingalana ingsun iki | Radèn Pabelan | miyak samirirèki ||
038.025 anak ingsun lamun sira têkèng pêjah | pun paman kang belani | pan ingsun winênang | sarupane jro pura | sultan wus pracayèng mami | wong dosa pêjah | yèn ingsun kang malangi ||
038.026 apan ingsun pinarcayèng kangjêng sultan | jêjaluka sirèki | payo sutaningwang | kang tumênggung pracaya | mapan ingsun wus winêling | mring ramanira | ya polahira iki ||
038.027 Radèn Pabelan dêlalahe yèn pêjah | têka ngandêl sirèki | nulya sira wudhar | sarwi sira angucap | radèn ayu ingsun mijil | lah uculêna | mas ngabèi naguhi ||
038.028 mas ngabèi wus winêkas maring rama | dening tingkah ngong iki | nulya radèn mêdal | miyos ing palataran | sêdyane [5: 63] radèn ngujungi | dhumatêng sira | Ngabèi Surakêrti ||
038.029 sarêng dhêku kang wingking sira narajang | sarêng pasuduknèki | radèn kaprajaya | datan kongsi sêsambat | kapisanan nuli mati | arang karanjang | kaninira nêmbusi ||
038.030 sampun mati binuwang kali Lawiyan | kang rama tan mirsèki | pan ganti rong dina | tumênggung dènnya mirsa | yèn kang putra sampun mati | pan sinudukan | sampun binuwang kali ||
038.031 sêsampune pêjah Rahadèn Pabelan | anuli dèn timbali | Ki Tumênggung Mayang | dinukan kangjêng sultan | arsa tinundhung tumuli | marang Samarang | ingajap dhandhanggêndhis ||
39. Dhandhanggula
039.001 dyan punika kang winuwus malih | garwanira Ki Tumênggung Mayang | nênggih punika arine | Senapati punika |[1] pun Tumênggung Mayang pan mantri- | nira sultan ing Pajang | pan olèh bêbêndu | tinundhung marang Samarang | mantri sèwu punika ingkang angiring | mangkat maring Samarang ||
221–222 dari 1.487

 


Biasanya guru lagu u: puniku. (kembali)