Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 234
219–220 dari 1.487
2.186–2.195 dari 14.865
038.004 yèn angucapa sira Radèn Pabelan | nadyan tumêkèng pati | mangke awak ingwang | aja mati priyăngga | matia kalawan putri | sêkar kadhatyan | nulya wangsul siraglis ||
038.005 duk samana rahadyan sêkaring pura | apan dèrèng aguling | nulya lampahira | radyan prapta ing natar | lajêng malêbêt siraglis | ing pasarean | radyan maksih alinggih ||
038.006 gya sinapa de radèn sêkaring [5: 60] pura | kakang pagene bali | lah wontên punapa | baya wontên wong langlang | Radèn Pabelan nauri | dhuh gustiningwang | tan bêtah pisah gusti ||
038.007 yèn sidaa pasthi pêjah raganingwang | mulane yayi bali | nulya kang pawongan | pan samya amiyarsa | sakyèh pawongan samyangling | bekane ingwang | mirsa kakung swarèki ||
038.008 kakung uga kang kapirsa iki iya | apocapan lan gusti | apêjah ratu mas | bekane acarita | kang sawiji anauri | durung miyarsa | ratu mas caritèki ||
038.009 yèn mangkono bekane lah nyatakêna | swara kapirsa iki | apan sun watara | ngêndi ana carita | kalih dalu ora uwis | lajêng ratu mas | kawan dalu tan mijil ||
038.010 yèn gustimu bekane oliha bedhang | wong patang puluh iki | pasthi pinêjahan | dening Jêng Sultan Pajang | rarêksan kalêbon sandi | yèn tan matura | kayapa dayanèki ||
038.011 payo matur manawa ta kadhiminan[1] | sira mring wong tamtami | ora wande pêjah | sira kalawan ingwang | payo bekane dèn aglis | matur mring sultan | nulya malajêng sami ||
038.012 praptanira ngajêngan para parêkan | sami konjêm ing siti | sarêng aturira | mring Kangjêng Sultan Pajang | ngaturakên pati urip | sultan kawula | tiwas ngrêksa ing gusti ||
038.013 sigra mojar Sultan Pajang ing parêkan | tiwas apa sirèki | ngrêksa gustinira | parêkan matur samya | kawula kalêbon [5: 61: kalêbo...n] sandi | nênggih kang aran | pun Pabelan sang aji ||
219–220 dari 1.487

 


kadhinginan. (kembali)