Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 234
223–224 dari 1.487
2.229–2.238 dari 14.865
039.016 warnanira lwir prawata sari | alêlaku angêbêki papan | Sultan Pajang makuthane | cinawi intên mancur | lwir baskara ujwala ngênting | sang hyang arka kasoran | ing ujwalanipun | kucêm asru lêwih merang | ujwalanya sinama wus ambadhingi | lan sênêning makutha ||
039.017 Sultan Pajang agya sira prapti | pasanggrahane ing Parambanan | anuli baris kubênge | Senapati amêthuk | Randhulawang dènnya abaris | pêpêk saglar sapapan | wong dhomas akumpul | mèh surup sang hyang raditya | Arya Jămba pêpitu mantri Matawis | nabuh bêndhe pun Bicak ||
039.018 Gunungkidul gènipun miyosi [5: 67: mi...yosi] | tinumpukan kayu pan jinajar | sapambêdhil lêlongkange | sarêng ingobong murub | bêndhenira pun Bicak muni | angangkang kadi gêlap | ing kasanganipun | swarane lwir anèng tawang | Sultan Pajang amirsa pun Bicak muni | tyas kampita gya mojar ||
039.019 hèh prawata kidul sun tingali | dadi gêni unine Si Bicak | angangkang lêwih swarane | wong Mataram ngong dulu | kadya mêtonana puniki | gurnitanira ika | kadya gunung rubuh | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata amêmêdèni wong cili | dening tuwan ngandika ||
039.020 ing tarkane ing ulun puniki | maksih wani yèn adunên aprang | lan kakang Senapatine | wong tamtama puniku | ulun gawok lamun ajurit | pan widêgda[1] arosa | lan atêguh-têguh | anyêkêla kapal kêlar | mêjahana Senapati ing Matawis | wong kawan dasa kêlar ||
039.021 Sultan Pajang angandika aris | sutaningong Adipati Tuban | aja sira wani age | Senapati amungsuh | wruhanira wus têkèng jangji | ngalih cahya nurbuwat | Senapati mêngku | ing tanah Jawa sadaya | pan aseba ing Senapati Matawis | iku ingkang tumămpa ||
36. Sultan Pajang seda, dipun gêntosi putra mantu, Adipati Dêmak
039.022 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | Ki Juru Martani age | nuli sira amuwus | hèh [5: 68] Ki Senapati Matawis | kadipundi rèhira | mapan ora wurung | amêngsah ing Sultan Pajang | pira dohe lêt umpak kari sawêngi | benjang yèn sira aprang ||
039.023 ulun iki lêwih saking isin | anon mukane mantri ing Pajang | yèn nêmpuha ing jurite | dening bapa myang sunu | silih ungkih dening ajurit | Senapati gya mojar | kadyapa puniku | rèhira kang linampahan | ulun iki anut ing karsanirèki | jarwanana rèhira ||
039.024 Kyai Juru Amartani angling | yèn sambada lawan karsanira | uni ika samayane | kalawan Nyai Kidul | uwis sêdhêng mangke tinagih | kalawan kang kayangan | Marapi ing gunung | ing nguni pan asamaya | maring ingsun ing mangke yêkti ngong tagih | mangke pan adhatêngan ||
039.025 Senapati ing Ngalaga angling | nulya angadêg tumêngèng tawang | angèstokakên jangjine | kalawan Nyai Kidul | nulya umyus mêsat ing langit | bayu-bajra narajang | sêmpal kayu êrug | pracandhanya amarapal | prapta udan kumêrug awor lan angin | pratăndha yèn jin prapta ||
223–224 dari 1.487

 


widigda. (kembali)