Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 234
224–225 dari 1.487
2.235–2.244 dari 14.865
36. Sultan Pajang seda, dipun gêntosi putra mantu, Adipati Dêmak
039.022 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | Ki Juru Martani age | nuli sira amuwus | hèh [5: 68] Ki Senapati Matawis | kadipundi rèhira | mapan ora wurung | amêngsah ing Sultan Pajang | pira dohe lêt umpak kari sawêngi | benjang yèn sira aprang ||
039.023 ulun iki lêwih saking isin | anon mukane mantri ing Pajang | yèn nêmpuha ing jurite | dening bapa myang sunu | silih ungkih dening ajurit | Senapati gya mojar | kadyapa puniku | rèhira kang linampahan | ulun iki anut ing karsanirèki | jarwanana rèhira ||
039.024 Kyai Juru Amartani angling | yèn sambada lawan karsanira | uni ika samayane | kalawan Nyai Kidul | uwis sêdhêng mangke tinagih | kalawan kang kayangan | Marapi ing gunung | ing nguni pan asamaya | maring ingsun ing mangke yêkti ngong tagih | mangke pan adhatêngan ||
039.025 Senapati ing Ngalaga angling | nulya angadêg tumêngèng tawang | angèstokakên jangjine | kalawan Nyai Kidul | nulya umyus mêsat ing langit | bayu-bajra narajang | sêmpal kayu êrug | pracandhanya amarapal | prapta udan kumêrug awor lan angin | pratăndha yèn jin prapta ||
039.026 tan antara surak anèng langit | gurnitanya kadi langit rêbah | kadya gunung guntur kabèh | prakatha padha umung | antaraning wukir Marapi | nauri nulya bêngkah | kawah gumaludhug | udan awu ingkang prapta | gumalundhung watu wadhas[1] lan karikil | longsor ladhu lumampah ||
039.027 watu agêng kathah kang winarni | sarêng ladhu anèng kali [5: 69: ka...li] Umpak | angili ngisor parane | pan sami cêcalathu | hèh wong batur kang gêdhi cili | sira iki ngandikan | amapaga mungsuh | apan ana Parambanan | Sultan Pajang yeka mungsuhira jurit | sawêngi kalahêna ||
039.028 Sultan Pajang miwah ingkang mantri | kagegeran dening ladhu minggah | narajang pasanggrahane | bala Pajang lumayu | sowang-sowang arêbut urip | anarka yèn kiyamat | dene watu nêmpuh | pasanggrahan pan dharatan | nora layak watu ladhu angunggahi | padha bisa angucap ||
039.029 Sultan Pajang balane angisis | apan sirna saha sanjatanya | binongkok binêkta mulèh | Sultan Pajang glis mundur | ing Gilingan dènnya miranti | laju maring Tambayat | karsane angujung | kunci sinorog tan kêna | Sultan Pajang angujung saking ing jawi | sawusira gya mojar ||
039.030 hèh sang kunci apa ta karaning | lawang gêdhong sinorog tan kêna | pun kunci alon ature | pan jênêngira prabu | tan winênang dening Hyang Widi | tinampik jênêng tuwan | dening kang tinunggu | wong mati parêk ing Suksma | cahyanira nur ing rat pan wus angalih | anèng Raja Mataram ||
039.031 Sultan Pajang sandeya ing mati | amiyarsa tuture wong tuwa | anulya sira asare | ana ing bale kêncur | salawase dènnya aguling | dèrèng kadi punika | kanikmatanipun | nuli wungu dènnya nendra | adan mundur Sultan Pajang nitih èsthi | lumampah [5: 70: lu...mampah] tibèng dalan ||
224–225 dari 1.487

 


padhas. (kembali)