Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 234
225–226 dari 1.487
2.249–2.258 dari 14.865
039.036 yèn sira atut lan Senapati | ingsun lina jênêngira nata | Senapati kang agawe | pan iku gêntiningsun | kakangira Ki Senapati | lamun sira sawala | mring gêgêntiningsun | yakti tan jumênêng [5: 71: jumê...nêng] nata | yèn sun lalis sanak tuwa angamini | ilang jênêng kawuryan ||
039.037 Adipati Banawa tan angling | amiyarsa tuture kang rama | miwah têka santanane | umung anèng dêlanggung | pan sinêlêk[1] lakuniraglis | prapta nagarèng Pajang | tumamèng kadhatun | Senapati ing Ngalaga | pamondhokan desa Mayang iku nênggih | lawan sabaturira ||
039.038 Sultan Pajang amiyarsa mangkin | yèn kang putra mondhok desa Mayang | nulya aputusan age | duta prapta umatur | Senapati kita dèn sèngi | dera manira Sultan | tumamèng kadhatun | Senapati sigra mojar | hèh sang duta matura maring sang aji | amit ulun katuran ||
039.039 amit mangkin nanging boya mulih | ulun iki nganti karsaning Hyang | aturêna dipun age | dutanira pan wangsul | mring jro puri cundhuk sang aji | matur mring Sultan Pajang | Senapati nêkung | maladi samadiningrat | desa Mayang wayah têngah dalu mangkin | pun juru taman prapta ||
039.040 amêng-amêngane Senapati | gêdhenira pan sagunung anak | mêndhêg ngalosod ngarsane | pan juru taman matur | Senapati tuwanku singgih | manawi darbe karsa | angrabasèng prabu | ing Pajang ulun lumampah | wêjah[2] gêsang pan ulun ingkang nglêboni | tuwan kantun awirya ||
039.041 Senapati ing Ngalaga angling | juru taman ulun atarima | ing pracayanira age | ulun tan darbe kayun | ing sakarsanira umiring | juru taman anêmbah | anulya [5: 72] tumanduk | malêbêt maring kadhatyan | Sultan Pajang kapanggih gêrah alinggih | binithi jajanira ||
039.042 Sultan Pajang kantaka gumuling | tinangisan dening para graha | tanapi putrane kabèh | aramya gumarunggung | sarêng enjing sultan anglilir | saya sangêt kang gêrah | Senapati iku | sakathahe wong Mataram | pinundhutan padha atuku salasih | tinumpuk lawang kulwan ||
039.043 Senapati Ngalaga siniwi | kacarita ana desa Mayang | tigang dalu tri dinane | nulya mulih pan sampun | mring Mataram kocap ing wuri | Pangeran ing Banawa | sigra dènnya matur | hèh rama putra paduka | Senapati wong Mataram dèn pundhuti | salasih sami tumbas ||
039.044 apikulan agotongan sami | amêmondhong dèn tumpuk sadaya | ing lawang sakèthèng kilèn | Sultan Pajang amuwus | kakangira Ki Senapati | sangêt gumatinira | darbe rama mringsun | pratandhane sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | yèn ulun mèh palastra ||
039.045 tan antara sultan angêmasi | para putra nungkuli sadaya | tanapi para garwane | miwah mantri tumênggung | pêcatăndha lan angabèi | răngga lan pandêlêgan | kandhuruhanipun | wadu aji para dêmang | lawan malih rabine padha anangis | gurnita lwir ampuhan ||
225–226 dari 1.487

 


sinêrêk. (kembali)
pêjah. (kembali)