Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 234
226–227 dari 1.487
2.252–2.261 dari 14.865
039.039 amit mangkin nanging boya mulih | ulun iki nganti karsaning Hyang | aturêna dipun age | dutanira pan wangsul | mring jro puri cundhuk sang aji | matur mring Sultan Pajang | Senapati nêkung | maladi samadiningrat | desa Mayang wayah têngah dalu mangkin | pun juru taman prapta ||
039.040 amêng-amêngane Senapati | gêdhenira pan sagunung anak | mêndhêg ngalosod ngarsane | pan juru taman matur | Senapati tuwanku singgih | manawi darbe karsa | angrabasèng prabu | ing Pajang ulun lumampah | wêjah[1] gêsang pan ulun ingkang nglêboni | tuwan kantun awirya ||
039.041 Senapati ing Ngalaga angling | juru taman ulun atarima | ing pracayanira age | ulun tan darbe kayun | ing sakarsanira umiring | juru taman anêmbah | anulya [5: 72] tumanduk | malêbêt maring kadhatyan | Sultan Pajang kapanggih gêrah alinggih | binithi jajanira ||
039.042 Sultan Pajang kantaka gumuling | tinangisan dening para graha | tanapi putrane kabèh | aramya gumarunggung | sarêng enjing sultan anglilir | saya sangêt kang gêrah | Senapati iku | sakathahe wong Mataram | pinundhutan padha atuku salasih | tinumpuk lawang kulwan ||
039.043 Senapati Ngalaga siniwi | kacarita ana desa Mayang | tigang dalu tri dinane | nulya mulih pan sampun | mring Mataram kocap ing wuri | Pangeran ing Banawa | sigra dènnya matur | hèh rama putra paduka | Senapati wong Mataram dèn pundhuti | salasih sami tumbas ||
039.044 apikulan agotongan sami | amêmondhong dèn tumpuk sadaya | ing lawang sakèthèng kilèn | Sultan Pajang amuwus | kakangira Ki Senapati | sangêt gumatinira | darbe rama mringsun | pratandhane sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | yèn ulun mèh palastra ||
039.045 tan antara sultan angêmasi | para putra nungkuli sadaya | tanapi para garwane | miwah mantri tumênggung | pêcatăndha lan angabèi | răngga lan pandêlêgan | kandhuruhanipun | wadu aji para dêmang | lawan malih rabine padha anangis | gurnita lwir ampuhan ||
039.046 Adipati Banawa sigrangling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ingsun anjaluk rêmbuge [5: 73: rêmbu...ge] | ulun kinèn apatut | wawêkase swarga[2] sang aji | Senapati Ngalaga | putra kang asêpuh | kang rama apan wis tilar | prayogane Senapati sun aturi | pinajar sultan seda ||
039.047 sajan gêlêm tan gêlêma mangkin | apan iku sanak ingsun tuwa | pan ramaji gêgêntine | dununge sêmbah ingsun | mantri Pajang kabèh umiring | dutaniraglis mangkat | ing Mataram rawuh | tumama maring kadhatyan | wus kapangguh anêmbah ing Senapati | duta atur uninga ||
039.048 rama paduka kangjêng sang aji | Sultan Pajang ing mangkya wus seda | ulun punika kinèngkèn | dening rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêngandika katuran | mring Pajang puniku | inganti aniramana | ing layone ramaji sultan anênggih | maksiha gilang-gilang ||
226–227 dari 1.487

 


pêjah. (kembali)
swargi. (kembali)