Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 234
226–227 dari 1.487
2.259–2.268 dari 14.865
039.046 Adipati Banawa sigrangling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ingsun anjaluk rêmbuge [5: 73: rêmbu...ge] | ulun kinèn apatut | wawêkase swarga[1] sang aji | Senapati Ngalaga | putra kang asêpuh | kang rama apan wis tilar | prayogane Senapati sun aturi | pinajar sultan seda ||
039.047 sajan gêlêm tan gêlêma mangkin | apan iku sanak ingsun tuwa | pan ramaji gêgêntine | dununge sêmbah ingsun | mantri Pajang kabèh umiring | dutaniraglis mangkat | ing Mataram rawuh | tumama maring kadhatyan | wus kapangguh anêmbah ing Senapati | duta atur uninga ||
039.048 rama paduka kangjêng sang aji | Sultan Pajang ing mangkya wus seda | ulun punika kinèngkèn | dening rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêngandika katuran | mring Pajang puniku | inganti aniramana | ing layone ramaji sultan anênggih | maksiha gilang-gilang ||
039.049 Senapati sigra dènnya nitih | kudanira anandêr anyongklang | nulya rawuh Pajang age | tumama ing kadhatun | Senapati nangis ing ati | anuli sinungkêman | padane sang prabu | tan beda kala agêsang | ing bêktine Senapati ing Matawis | dhatêng Sultan ing Pajang ||
039.050 kayang nulya siniraman sami | wus kinèn nêmbahyangakên pisan | sampunnya binêkta age | pinêtêk sirèng Butuh | nulya sami maca talêkim | andonga sampun tamat | nulya sami mantuk | wus rawuh nagari Pajang | sampun pêpak sagunging pandhita aji | muwah putra sadaya ||
039.051 Susunan Kudus sigra dènnyangling | hèh sakèhe [5: 74: sakèh...e] para mantri Pajang | putra sapa prayogane | ingkang gumanti ratu | kang jumênêng Pajang nagari | mantri Pajang sadaya | ri saksana matur | yèn sawawi lawan tuwan | Adipati Banawa yogya gêntèni | putra jalu sajuga ||
039.052 Susuhunan ing Kudus nulyangling | tan sambada lawan karsaningwang | Adipati Banawane | pan iku kawon sêpuh | lan Dipati Dêmak puniki | apan iku kang tuwa | jumênênga ratu | iya èstri ingkang putra | Sultan Pajang kang lanang putranirèki | adipati ing Dêmak ||
039.053 nadyan mantu yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | karo têrah kusumane | Dipati Bênawèku | sampun winarisan nagari | iya nagari Jipang | wasiyat kang lampus | yogya miyanga ing Jipang | awismaa mapan jumênênga aji | ing Jipang asebaa ||
039.054 Senapati mangkya turun angling | gya sinaru Kyai Juru mojar | aja sira cawe-cawe | Senapati gya mundur | Kyai Juru amêmarahi | Senapati Ngalaga | aja turun wuwus | karêpe wong asêsanak | silih ungkih padudon rêbat nagari | dadia papêrangan ||
039.055 lêhêng sira mêmulea dikir | lan sidhêkah angalab sêsawab | ing lêluhur para kabèh | ing Mataram pan agung | atanapi bêras lan pari | banthèng kidang manjangan | ing Mataram agung | amaggunga akasukan | ing Mataram wismanira pan abêcik | aja narka ing Pajang ||
226–227 dari 1.487

 


swargi. (kembali)