Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 234
227–228 dari 1.487
2.267–2.276 dari 14.865
039.054 Senapati mangkya turun angling | gya sinaru Kyai Juru mojar | aja sira cawe-cawe | Senapati gya mundur | Kyai Juru amêmarahi | Senapati Ngalaga | aja turun wuwus | karêpe wong asêsanak | silih ungkih padudon rêbat nagari | dadia papêrangan ||
039.055 lêhêng sira mêmulea dikir | lan sidhêkah angalab sêsawab | ing lêluhur para kabèh | ing Mataram pan agung | atanapi bêras lan pari | banthèng kidang manjangan | ing Mataram agung | amaggunga akasukan | ing Mataram wismanira pan abêcik | aja narka ing Pajang ||
039.056 Senapati ing Ngalaga mulih | ing Mataram lami tan kawarna [5: 75] | ing Pajang kocapa malèh | Dipati Dêmak mantu | kang gêntosi jumênêng aji | Dipati ing Banawa | wisma Jipang tulus | pandumira mantri Pajang | pinratiga rong duman pinundhut mangkin | maksih ingkang saduman ||
039.057 kang rong duman pinaringkên sami | mring mantri Dêmak wadyanya lawas | sami jinunjung linggihe | ana jênêng tumênggung | pêcatăndha lawan ngabèi | pandêlêgan lan răngga | kandhuruhan iku | tăndha mantri lawan dêmang | mantri Dêmak sadaya jinunjung linggih | awisma anèng Pajang ||
039.058 mantri Pajang akèh rusak ati | dèn êlongi gêgadhuhanira | padha ala pangucape | anaa mungsuh rawuh | dèn rasakna ing Pajang iki | katuwone wak ingwang | tininggal ing ratu | kaliwat dening alara | kwèh durjana ing Pajang bêngi kwèh maling | yèn rina wong bêbegal ||
039.059 mantri Pajang kabèh padha mar ing | manahira pan rusak sadaya | maring ratune kang mangke | apan têlênging kayun | Senapati Ngalaga ugi | mantri Pajang kang lawas | pangalasan sèwu | utusan maring Mataram | lampahnyage asêsandêran wus prapti | nagara ing Mataram ||
039.060 duta mangsah tumama ing puri | kapangguh Senapati Ngalaga | duta marêk nêmbah age | palungguhe abukuh | sigra matur mring Senapati | ulun mapan kang duta | pangalasan sèwu | atur uninga paduka | rayi tuwan Dipati Dêmak ing mangkin | anitihi byantara ||
039.061 mantri Pajang padha yun ambalik | datan [5: 76: da...tan] eca gènipun ngawula | dhatêng ratune kang mangke | gêgadhuhan pinundhut | mantri Pajang sadaya sami | kang rong duman dalêman | sadaya kang kantun | marmine giwang kang manah | Pajang rusak yèn dalu garigis maling | rintên arêbat sawah ||
039.062 lan manawi pukulun puniki | darbe karsa angrabasèng Pajang | mapan dawêg mupung mangke | ing paos arubiru | datan wontên têlênging ati | wadya Pajang sadaya | pan namung pukulun | samăngsa tuwan mijila | jawi kitha mantri ing Pajang ambalik | umiring ing paduka ||
039.063 Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu mangke | atarima ing ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | lêwih takdiripun | angrabasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanagari | rusake ari Dêmak ||
227–228 dari 1.487