Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 234
227–228 dari 1.487
2.269–2.278 dari 14.865
039.056 Senapati ing Ngalaga mulih | ing Mataram lami tan kawarna [5: 75] | ing Pajang kocapa malèh | Dipati Dêmak mantu | kang gêntosi jumênêng aji | Dipati ing Banawa | wisma Jipang tulus | pandumira mantri Pajang | pinratiga rong duman pinundhut mangkin | maksih ingkang saduman ||
039.057 kang rong duman pinaringkên sami | mring mantri Dêmak wadyanya lawas | sami jinunjung linggihe | ana jênêng tumênggung | pêcatăndha lawan ngabèi | pandêlêgan lan răngga | kandhuruhan iku | tăndha mantri lawan dêmang | mantri Dêmak sadaya jinunjung linggih | awisma anèng Pajang ||
039.058 mantri Pajang akèh rusak ati | dèn êlongi gêgadhuhanira | padha ala pangucape | anaa mungsuh rawuh | dèn rasakna ing Pajang iki | katuwone wak ingwang | tininggal ing ratu | kaliwat dening alara | kwèh durjana ing Pajang bêngi kwèh maling | yèn rina wong bêbegal ||
039.059 mantri Pajang kabèh padha mar ing | manahira pan rusak sadaya | maring ratune kang mangke | apan têlênging kayun | Senapati Ngalaga ugi | mantri Pajang kang lawas | pangalasan sèwu | utusan maring Mataram | lampahnyage asêsandêran wus prapti | nagara ing Mataram ||
039.060 duta mangsah tumama ing puri | kapangguh Senapati Ngalaga | duta marêk nêmbah age | palungguhe abukuh | sigra matur mring Senapati | ulun mapan kang duta | pangalasan sèwu | atur uninga paduka | rayi tuwan Dipati Dêmak ing mangkin | anitihi byantara ||
039.061 mantri Pajang padha yun ambalik | datan [5: 76: da...tan] eca gènipun ngawula | dhatêng ratune kang mangke | gêgadhuhan pinundhut | mantri Pajang sadaya sami | kang rong duman dalêman | sadaya kang kantun | marmine giwang kang manah | Pajang rusak yèn dalu garigis maling | rintên arêbat sawah ||
039.062 lan manawi pukulun puniki | darbe karsa angrabasèng Pajang | mapan dawêg mupung mangke | ing paos arubiru | datan wontên têlênging ati | wadya Pajang sadaya | pan namung pukulun | samăngsa tuwan mijila | jawi kitha mantri ing Pajang ambalik | umiring ing paduka ||
039.063 Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu mangke | atarima ing ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | lêwih takdiripun | angrabasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanagari | rusake ari Dêmak ||
039.064 lamun ingsun kinon ing Hyang Widi | apan gampang lawan karsaning Hyang | Dipati Dêmak rusake | yèn kinarsakkên iku | dening Suksma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | mapan ora ewuh | tan kêna sêdya ngrusaka | dening janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Suksma ||
37. Nagari Pajang dipun bêdhah dhatêng Panêmbahan Senapati. Sultanipun dipun wangsulakên dhatêng Dêmak. Pangeran Banawa jumênêng sultan ing Pajang
039.065 wontên ta ingkang winuwus malih | kang kocapa Pangeran Banawa | kang anèng Jipang kithane | dibya glana tyasipun | duk angungkung napsu tan gingsir | lumampah kasutapan | lali pangan [5: 77: panga...n] turu | nalika ayun aboga | lamun ana sisan kawula binukti | tibèng lêmah dhinahar ||
227–228 dari 1.487