Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39–40 dari 234
229–230 dari 1.487
2.287–2.296 dari 14.865
039.074 Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta mangkono kang karsa | yayi mas Banawa mangke | têmu pèk karsanipun | nagarane ing Pajang iki | duta sira matura | marang ariningsun | Adipati ing Banawa | ngong aturi pinarêka ing Matawis | Gunungkidul miyosa ||
039.075 ri sang duta sigra nêmbah amit | lampahira kudane angêrap | dyan prapta Jipang lakune | tumama ing kadhatun | adipati nulya kapanggih | duta matur anêmbah | pangeran tuwanku | ingkang karsa rakandika | jêngandika pinarêka ing Matawis | saha wadya ywa brăngta ||
40. Asmaradana
040.001 Pangeran Banawa aglis | enjing saksana umangkat | saha bala ngiring kabèh | rêmbên ing baris lampahnya | Ardikidul marganya | datan kawarna ing ênu | desa ing Wêru wus prapta ||
040.002 kawarnaa Senapati | wus amêpêk wadyabala | gya umangkat sabarise | amapag ing arinira [6: 4: a...rinira] | nama Pangran Banawa | ya ta praptèng desa Wêru | wus sami amêmondhokan ||
040.003 Senapati wus apanggih | myang ari Pangran Banawa | sarêng panggih sapatêmon | sami kangên rêrangkulan | ri sampun ing mangkana | ya ta kasaput ing dalu | nulya sami masanggrahan ||
040.004 samya gunêm glar ing jurit | nagri Pajang kang kocapa | wus kasub ing pawartane | lamun Dipati Banawa | akanthi Senapatya | arêmbag anunggil kayun | arsa rumabasèng Pajang ||
040.005 mantri Pajang tyas umiris | wanèh kathah suka manah | kang sami sakit galihe | mangkana pangucaping tyas | ing mêngko malês ingwang | mring wong Dêmak angkuhipun | bênêr Pangeran Banawa ||
040.006 pan iku kang duwe waris | jumênênga Sultan Pajang | yèn mangko uwis mangkene | pangran kanthi Senapatya | pasthi abot sinăngga | dening sêktining prang pupuh | ing jagat pilih tandhingnya ||
040.007 pasthi nagri Pajang iki | kaya nora wurung rusak | ya ta mantri Pajang kabèh | samana sami arêmbag | ambalik karsanira | mring Pangran Banawa iku | apan gustinira lawas ||
040.008 anulya lumampah sami | sakèh mantri Pajang lama | tan kantun sagêgamane | amêthuk Pangran Banawa | mring desa Wêru ika | tan kawarna lampahipun | gya prapta ing Wêru ika ||
229–230 dari 1.487