Tembang macapat

Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Paramayoga, Sasraningrat, 1894, #1121

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18 dari 38
64–65 dari 133
632–641 dari 1.327
18.38 maksih ing warsa Sambrama | nuju măngsa Kartika dèn pèngêti | kunir awuk tanpa jalu |[1] warsa sirah satunggal | duk puniku warsa kêkalih kang mlaku | taun surya lawan căndra | Êmpu Sangkala winarni ||
18.39 wus têtêp anèng wukir Hyang | nungku [123: nung...ku] pudya maladi sêmadining | nêgês mring Pangran Kang Luhung | kang murwèng sèsining rat | katarimèng sêdya gya ana kadulu | cahya pêthak sru sumilak | salêbêting cahya kèksi ||
18.40 sajuga diktya birawa | awêwarah Hyang Kala ingkang nami | tumulya dintên puniku | winastan dina Kala | dintênipun malih gya ana kadulu | cahya bang ing jro kawuryan | lir brahmana angsung wangsit ||
18.41 anama Bathara Brahma | nulya dintên wau dipun wastani | dintên Brahma wastanipun | salajêngnya sang tapa | dintênipun malih tumuli andulu | cahya irêng jro katingal | janma priya warna pêkik ||
18.42 awarah panêngranira | Sang Hyang Wisnu dintên punika nuli | winastanan dina Wisnu | nulya Êmpu Sangkala | dintênipun malih myating cahya nrawung | ujwalane măncawarna | kang nèng jroning cahya kèksi ||
18.43 kadya rêsi awêwarah | nênggih Sang Hyang Guru ingkang wêwangi | tumulya dintên puniku | tumuwuh ing karsanya | sang mratapa amastani dina Guru | rawuhnya Hyang Girinata | lawan ingkang para siwi ||
18.44 sung nugraha mring sang tapa | babing guna kasaktèn warni-warni | Sang Êmpu Sangkala sampun | pana pranawèng [124: prana...wèng] driya | amumpuni ing guna kasaktènipun | nadyan doning Danurdana | kapusthi ing tyas pratitis ||
18.45 samukswaning para dewa | cinarita Êmpu Sangkala nuli | anata panêmbahipun | dintên Sri wiwitira | madhêp marang ing purwantara puniku | tumulya ing dina Kala | Êmpu Sangkala ngastuti ||
18.46 madhêp ring keblat raksira | dene dina Brahma dènnya ngastuti | marang pracima pan laju | dintên Wisnu adhêpnya | mring utara tumuntên ing dintên Guru | tumungkul marang pratala | sumusung ing pudyastuti ||
18.47 mring Hyang Guru saputranya | datan gothang wau dènnya ngabêkti | Êmpu Sangkala winuwus | wus têtêp nèng wukir Hyang | sasat sampun anunggal babaganipun | lan bangsane para dewa | nahên kang mudya sêmadi ||
64–65 dari 133

 


Tanggal: kunir awuk tanpa jalu (0001). (kembali)