Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 25
51–52 dari 87
508–517 dari 861
16.15 tapa minăngka rêragi | saenggane olah ulam | supaya enak rasane | kudu nganggo uyah lawan | tarasi brambang bawang | enak ingkang kaduk bumbu | kapanggih rasaning ulam ||
16.16 ingkang tan sinung kamuktin | dumadak suka nêstêpa | sru wêdi kothong wêtênge | bata watu sok kolua | amrih agênging tinja | yèku [M. 148] wong budhug amumuk | mrih mêkar jubur ămbaa ||
16.17 kang sinung rahmating Widhi | tan arsa kèwêg-èwêgan | karêmên tyas dèn nir kabèh | amarga kang sinupaya | wignya widada dadya | jati tingale malulu | amung maring kang sinêmbah ||
16.18 milane linggih nèng sêpi | gampanga nora umiyat | aliya saking sêdyane | puniku kang sampun têka | lambang manuk amora | kalawan kurunganipun | wêkasane badan suksma ||
16.19 dene kang nora pinanggih | krêkête kèh kang sinêdya | amêtêngi jro tingale | milane jêng nabi duta | tan arsa olah sastra | amung manggêng salatipun | tanpayun kawoworana ||
16.20 mangkana Jêng Sunan Giri | apratapa tigang wulan | nulya miyos darajade | kang sela pan dadi liman | binanjurkên ngaluwat | kawan dasa siyang dalu | dadi ratu [N. 149] waliyolah ||
16.21 Sèh Malaya tigang sasi | kang asramèng Kalijaga | ing pulo Upih prênahe | tapa lendheyan galinggang | wus jangkêp tigang wulan | galinggang tuwuh ngrêmbuyung | dadya mas akèh utama ||
16.22 wus wêwangêning Hyang Widhi | yèn wong kang andhangir badan | têlung sasi wêwangêne | yyan têmên-têmêning manah | apa barang tinêdha | tinêkan sihing Hyang Agung | sapanêdhaning kawula ||
16.23 sawênèh kudu amukti | ananging lumuh nastapa | kang lumrah ing jagat kabèh | wong kang kinurangan pangan | tan ana kang nêstapa | padha wong budhug amumuk | anggung amangan anendra ||
16.24 iku palanya raryalit | kakehan susuning biyang | katuwan sêsapehane | dadi balilu sungkanan | lare lanang wadona | doh miyat sutapanipun | tan dadi ngamal jariyah ||
51–52 dari 87