Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 25
50–51 dari 87
494–503 dari 861
16. Asmarandana
16.01 kasmaran marang kintaki | suluk luwang aranira | kabar-kabur gubahane | sintên-sintên tan wuninga | parlu mung mrih darbea | mila arungsit kalangkung | binangkitna Hyang Suksmana ||
16.02 karaharjan [I. 144] nêdhak suging[1] | mring wau srat suluk luwang | wasita tama mugi wèh | supangat slamêt manulat | ngantos prapta sampatnya | ing panêdhak suluk wau | ngandhap punika wontênnya ||
16.03 luwanging wong doyan guling | tan suririh tur sungkanan | sarta adoh daulate | luwanging wong doyan mangan | têtiga watêgira | ambêlêr linyok gadêbus | ping tiga kaskayèng karya ||
16.04 watêging wong kirang guling | sinung padhang jroning nala | lamun sira linggih dhewe | gampang sagung kang sinêja | janma marêgi pangan | kinirangan buktinipun | dadya pêtêng jroning manah ||
16.05 sing sapa [J. 145: sa...pa] wong ngêngirangi | anyêgah turu lan mangan | lami-lami pinanggihe | sinung sandhang sinung pangan | bur sinung panggawean | akathah daulatipun | lan sinung tingal kang lêmbat ||
16.06 sangsaya lami pinanggih | antuk kamulyaning dunya | pan wus janjining Hyang Manon | kang suka amanggih duka | kang duka manggih suka | saking adiling Hyang Agung | siji winalês sadasa ||
16.07 sadina angêngirangi | winalês sadasa dina | kamuktèn dening Hyang Manon | sarta sinung panggawean | sing sapa watêk kirang | sarta prihatin nyênyuwun | mring Hyang Suksma malês suka ||
16.08 eling-elingên ywa lali | ing wong kang anjuju lawang | tan niyat mêlèk mripate | duk larene malah tuwa | tan ana prihatinnya | dadya malarate muput | tur tan sinung ing pakaryan [K. 146: pakar...yan] ||
16.09 marmèng wong kuna linuwih | sinung tingal kawaspadan | sawab tilar mangan sare | dadya sidiking pangucap | sarta têrusing tingal | anêratang kalbunipun | ing dunya prapta ngakerat ||
16.10 aja gawok marang ngèlmi | sanadyan ana sabodhag | yèn tan kalakon lakune | mung dadi wong kabrabeyan | dunya kerat malarat | yèn kalakon tapanipun | tan pangaji mring manungsa ||
50–51 dari 87

 


sungging. (kembali)