Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 25
52–53 dari 87
514–523 dari 861
16.21 Sèh Malaya tigang sasi | kang asramèng Kalijaga | ing pulo Upih prênahe | tapa lendheyan galinggang | wus jangkêp tigang wulan | galinggang tuwuh ngrêmbuyung | dadya mas akèh utama ||
16.22 wus wêwangêning Hyang Widhi | yèn wong kang andhangir badan | têlung sasi wêwangêne | yyan têmên-têmêning manah | apa barang tinêdha | tinêkan sihing Hyang Agung | sapanêdhaning kawula ||
16.23 sawênèh kudu amukti | ananging lumuh nastapa | kang lumrah ing jagat kabèh | wong kang kinurangan pangan | tan ana kang nêstapa | padha wong budhug amumuk | anggung amangan anendra ||
16.24 iku palanya raryalit | kakehan susuning biyang | katuwan sêsapehane | dadi balilu sungkanan | lare lanang wadona | doh miyat sutapanipun | tan dadi ngamal jariyah ||
16.25 kêmêling tyas tuna budi | kalamun duwèni akal | sak mit bangêt [O. 150: ba...ngêt] mring bêcike | kang kèh akal kadursilan | mandrawa brata tapa | yèn rare nom susonipun | sinung akal kasutapan ||
16.26 mulane pra janma nguni | ngêla-êla anak lanang | amal jariyah arane | yèn kang salèh ing agama | kinudang anak lanang | anywargakkên yayah ibu | anak lanang kang pratapa ||
16.27 yèn katuwan dènnya nyapih | mandar sru karya duraka | marang ring yayah wibine | angèl bangêt yèn malêsa | dadah dulanging biyang | mandrawèng kawiryanipun | yèku bèbèting wong desa ||
16.28 rare kang anom sinapih | akèh kang ulah nêstapa | tan jrih mêmati ragane | mulane sinung kawiryan | ingkang padha dursila | padha wong katuwan susu | mokal yèn nom panyapihnya ||
16.29 jamak kang lumrah ing bumi | kang durjana ambêlasar | dede wong anom susone | kang durjana ambêlasar | ingkang ambegal ngêntal | sami wong katuwan susu | lawan kang sukan nêstapa [P. 151] ||
16.30 marma tar wrêdèn ing ngèlmi | rare katuwan sêsêpan | pilih kang manjing ngèlmune | luwih kalis ing agama | yèn olah ngèlmu rasa | kadya lênga lawan banyu | miwah sagung kautaman ||
52–53 dari 87