Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 25
54 dari 87
531–540 dari 861
16.38 rare kang tuwa sinapih | samya undhagi duk bocah | nanging balilu wrêdane | kadyatmikane [R. 153: kadyatmi...kane] wirangan | kalamun têtakona | mulane awèt balilu | pêpêngane[1] nulya minggat ||
16.39 wus akèh samya nitèni | kuncara yèn anèng desa | akèh kasungsang driyane | kontap lamun para tumbak | yèn amèt amblêgandhang | wudhu pirang-pirang dhusun | tate bukti sata mêntah ||
16.40 sing barang panggawe bêcik | kang mokale ing Pangeran | dumadak sudhik[2] atine | mèlu ngalêm asru wirang | pangrasane wus bisa | yèn umur nêmbêlas taun | katarane manah sungsang ||
16.41 wong anom drêma nglakoni | purwaning rèh sing wong tuwa | tan angsung anom susone | sire asih marang anak | nora idhêp ing wêlas | dadi wrêdane balilu | sêngara ring kabêcikan ||
16.42 iku sih têmahan lalis | biyang kang agawe ala | pantês jinêjêg makame | amarga gawe duraka | balilu tur sungkanan [S. 154: sungkana...n] | wong tuwa pantês dèn pukul | nora layak ingujungan ||
16.43 pamupuse kang sung wangsit | kapriye gone anulak | yèn wus kabanjur susone | katuwan pasthi duraka | mring yayah sarta rena | lan maring Hyang Maha Agung | wit calimut tanpa tapa ||
16.44 marga kumuduning janmi | para desa sire wêlas | mring mau suta-sutane | dadya samya sinusonan | prapta ngumur tri warsa | dening bodho nora wêruh | mring witing suta duraka ||
16.45 nganti sok nyandhang sasuwir | nadyan muluk kongsi kênyang | têka turu wardayane | lir mundhing martabatira | lamun wus warêg mangan | dyan gayêmi sarwi jêrum | liyêr-liyêr pugung[3] mudha ||
16.46 wong miskin sangsaya miskin | labêt tan bêtah nêstapa | miskin atêtêp arane | janma mukti sugih tuman | kalamun dêdagangan | dumadak bathine agung | wong miskin dumadak tuna ||
16.47 kadya gone anênagih | rare nom ulah nêstapa [T. 155: nêsta...pa] | pan katêmu ing tuwane | lare ingkang ulah pangan | turu dawêging bocah | malarat katêmu sêpuh | nênagih kang tanpa potang ||
54 dari 87

 


pêng-pêngane. (kembali)
suthik. Bandingkan: pungkan (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.37.3); sungkan (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.32.3). (kembali)
punggung. (kembali)