Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 25
53–54 dari 87
525–534 dari 861
16.32 iku tan kêna kinardi | yèn ta wus papêsthèning hyang | dumadak tuwa susone | dadi tuna budi akal | sêngara kasutapan | lamun anom susonipun | wêweka manah graita ||
16.33 kinira-kira tan kêni | takdiring Hyang Maha Mulya | kang sugih lawan miskine | adaganga atanèna | olaha kadursilan | yèn kang anom susonipun | wêweka manah graita ||
16.34 wondene wong duk ing maksih | rare katuwan [Q. 152: katuwa...n] sêsêpan | dêstun saanggur-anggure | mêcahake piring pinggan | cowèn[1] kêndhi myang layah | ngilangake pangot wêdhung | ambêdhahkên sêsandhangan ||
16.35 cècègane ujar sêrik | apan lot pikolèh ujar | labêt katuwan susone | adat kang wus kalaksanan | yèn anaking wong desa | dèn susoni têlung taun | jaga pêpikul kewala ||
16.36 emane ingitik-itik | alit mila sinusonan | mung dadi kulining uwong | angur matia duk bocah | alit mila dinulang | owêl mung dadi pêpikul | tan wêlas marang sudarma ||
16.37 yèn dipripih marang bêcik | sungkanan tur nora bisa | katêkan pêtêng atine | pae ingajak maksiyat | padhang jina totohan | trawangan karya calimut | wrat nangis dèn jak raharja ||
16.38 rare kang tuwa sinapih | samya undhagi duk bocah | nanging balilu wrêdane | kadyatmikane [R. 153: kadyatmi...kane] wirangan | kalamun têtakona | mulane awèt balilu | pêpêngane[2] nulya minggat ||
16.39 wus akèh samya nitèni | kuncara yèn anèng desa | akèh kasungsang driyane | kontap lamun para tumbak | yèn amèt amblêgandhang | wudhu pirang-pirang dhusun | tate bukti sata mêntah ||
16.40 sing barang panggawe bêcik | kang mokale ing Pangeran | dumadak sudhik[3] atine | mèlu ngalêm asru wirang | pangrasane wus bisa | yèn umur nêmbêlas taun | katarane manah sungsang ||
16.41 wong anom drêma nglakoni | purwaning rèh sing wong tuwa | tan angsung anom susone | sire asih marang anak | nora idhêp ing wêlas | dadi wrêdane balilu | sêngara ring kabêcikan ||
53–54 dari 87

 


cowèk (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.30.5; Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.34.5). (kembali)
pêng-pêngane. (kembali)
suthik. Bandingkan: pungkan (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.37.3); sungkan (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.32.3). (kembali)