Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 25
54–55 dari 87
540–549 dari 861
16.47 kadya gone anênagih | rare nom ulah nêstapa [T. 155: nêsta...pa] | pan katêmu ing tuwane | lare ingkang ulah pangan | turu dawêging bocah | malarat katêmu sêpuh | nênagih kang tanpa potang ||
16.48 pêksane kudu amukti | yèn tan duwe kasutapan | dadi malarat mêsthine | paksane anagih utang | sapuluha kasabda | yèn tan ana potangipun | nadyan sugiha tarabas ||
16.49 palane tuwa sinapih | mêndiring mring kasutapan | dadi mung mogok mêskine | sru kalis ing kabêcikan | kadya we lawan lênga | lamun anggêguru ngèlmu | nora tumancêb ing manah ||
16.50 wus bubuhaning wong mêskin | doyan turu doyan mangan | tan ana kasutapane | bayangur sapi maesa | dadi lêbuning swarga | sato mani padhanipun | wong manggung mangan lan nendra ||
16.51 tanpa nêbut lamun guling | lir gulinge pra maesa | lir sato mani padhane | sato kang wênang pinangan | alame ratu baka | pan tatan ana wong sêpuh [U. 156] | wong tuwa samya pinangan ||
16.52 yèku aran sato mani | wong tuwa ingkang duraka | pantês pinangan daginge | duk jênênge ratu baka | yèku ingkang amangan | waton wancine wong sêpuh | kang têmêne tanpa karya ||
16.53 wangêne rare sinapih | anom umur pitung wulan | wolu sanga sadasane | sawêlas rolas têlulas | patbêlas pănca wêlas | myang sat wêlas sartanipun | pitu wolulas sangalas ||
16.54 yèn langkung wêwangên iki | dadya pintêre kapalang | dhasar kang tuwa susone | dhêmên marang karawitan | nyalêmpung angrarêbab | sru têbih daulatipun | sandhange arang kang wêtah ||
16.55 wus kaluwang dhingin-dhingin | yèn wong nyalêmpung ngrarêbab | arang wutuh sandhangane | sakosokan sasênggrengan | daulatipun têbah | alêlakon patang puluh | dina panêdhane tawa ||
16.56 saumurira ya urip | nanging doh bêja [V. 157] daulat | arang wutuh sandhangane | lamun mangan arang enak | barkate karawitan | malaratipun saumur | anênêdha tan katêkan ||
54–55 dari 87