Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 25
54–55 dari 87
533–542 dari 861
16.40 sing barang panggawe bêcik | kang mokale ing Pangeran | dumadak sudhik[1] atine | mèlu ngalêm asru wirang | pangrasane wus bisa | yèn umur nêmbêlas taun | katarane manah sungsang ||
16.41 wong anom drêma nglakoni | purwaning rèh sing wong tuwa | tan angsung anom susone | sire asih marang anak | nora idhêp ing wêlas | dadi wrêdane balilu | sêngara ring kabêcikan ||
16.42 iku sih têmahan lalis | biyang kang agawe ala | pantês jinêjêg makame | amarga gawe duraka | balilu tur sungkanan [S. 154: sungkana...n] | wong tuwa pantês dèn pukul | nora layak ingujungan ||
16.43 pamupuse kang sung wangsit | kapriye gone anulak | yèn wus kabanjur susone | katuwan pasthi duraka | mring yayah sarta rena | lan maring Hyang Maha Agung | wit calimut tanpa tapa ||
16.44 marga kumuduning janmi | para desa sire wêlas | mring mau suta-sutane | dadya samya sinusonan | prapta ngumur tri warsa | dening bodho nora wêruh | mring witing suta duraka ||
16.45 nganti sok nyandhang sasuwir | nadyan muluk kongsi kênyang | têka turu wardayane | lir mundhing martabatira | lamun wus warêg mangan | dyan gayêmi sarwi jêrum | liyêr-liyêr pugung[2] mudha ||
16.46 wong miskin sangsaya miskin | labêt tan bêtah nêstapa | miskin atêtêp arane | janma mukti sugih tuman | kalamun dêdagangan | dumadak bathine agung | wong miskin dumadak tuna ||
16.47 kadya gone anênagih | rare nom ulah nêstapa [T. 155: nêsta...pa] | pan katêmu ing tuwane | lare ingkang ulah pangan | turu dawêging bocah | malarat katêmu sêpuh | nênagih kang tanpa potang ||
16.48 pêksane kudu amukti | yèn tan duwe kasutapan | dadi malarat mêsthine | paksane anagih utang | sapuluha kasabda | yèn tan ana potangipun | nadyan sugiha tarabas ||
16.49 palane tuwa sinapih | mêndiring mring kasutapan | dadi mung mogok mêskine | sru kalis ing kabêcikan | kadya we lawan lênga | lamun anggêguru ngèlmu | nora tumancêb ing manah ||
54–55 dari 87

 


suthik. Bandingkan: pungkan (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.37.3); sungkan (Wulang Rèh, Langê, Pupuh 12.32.3). (kembali)
punggung. (kembali)