Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16–17 dari 25
56–57 dari 87
552–561 dari 861
16.59 pae lan wong ulah ngèlmi | kang gaib-gaib punika | dadi wong alim wêkase | yèn kang aji ingkang iya | dadi kaum utama | acêpak kamuktènipun | akèh urmat tan sidhêkah ||
16.60 kang nêdhak luwang puniki | wiwit nêdhêng dadya janma | prapta Jimawal [W. 158: Jima...wal] warsane | guna tata ngèsthi arja |[1] petanging umurira | pitung dasa sanga taun | tansah nungkul ulah sastra ||
16.61 tan langkung mung mugi-mugi | sagunging wiyata tama | tinungkulan supangate | jinung[2] arja kalantipan | talêsêping wêwisa | santosa nulak mrih ayu | mancorong kadya kancana ||
16.62 amor tinja mas ingambil | tinjane ingkang binuwang | kancana rêsik mancorong | punika pralambang wisa | tumlêsêp maring manah | èrêm wirang rasanipun | saking sru asih ing Suksma ||
16.63 kacoba wirang tanapi | èrêm susah mung narima | wimbuh sru èngêt Hyang Manon | mênggah sambête kang kocap | ing pada sèkêt pănca [X. 159] | prapta pada sèkêt pitu | kasêbut ngandhap punika ||
16.64 ngrarêbab nyalêmpung yèn wis | bungah kawisudha dhalang | dadya mêng-amênganing wong | guna wisa yèn ingundang | yèn mopo olèh ujar | nora kajèn sartanipun | tuwas adoh daulatnya ||
16.65 tan surup yèn pinarinci | dene saumur malarat | nora ana sambulihe | rèhning dadi mêng-amêngan | yèn mungguh wong ing desa | arang bisa bêbêt sabuk | labête bangêt malarat ||
17. Dhandhanggula
17.01 tarbiting tyas manggita mêmanis | pan kinarya bêbukaning gubah | sarkara muhung ginawe | pratela [Y. 160: pra...tela] darpèng kalbu | panungkuling ulah sastra di | rèhning arungsit dahat | binangkit ingapus | kang thukul driya pribadya | mila amung manulat sungging kintaki | wulang pêpalinira ||
17.02 Kyai Agêng Sêsela linuwih | mila mugi aparinga barkat | supangat nyalamêtake | mring amba kang manurun | jinurungan sihing Hyang Widhi | paring nugraha arja | palêstha manurun | pra nungkara wuningaa | srat kang ngêmot wasita tama kang saking | Kyagêng Sela punika ||
17.03 anglêluri sabda rum amanis | saking Kangjêng Kyai Gêng Sêsela | wus wirotamèng labête | kapêtêngannya prabu | ing Bintara [Z. 161: Binta...ra] narendra luwih | ya ta Kyagêng Sêsela | samana duk luguh[3] | ingayap putra myang wayah | apitutur he kabèh nak putu mami | padha sira pyarsakna ||
56–57 dari 87

 


Tanggal: Jimawal: guna tata ngèsthi arja (AJ 1853). Tahun AJ 1853 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Agustus 1922 sampai dengan 13 Agustus 1923. (kembali)
sinung. (kembali)
lungguh. (kembali)