Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16–17 dari 25
56–57 dari 87
558–567 dari 861
16.65 tan surup yèn pinarinci | dene saumur malarat | nora ana sambulihe | rèhning dadi mêng-amêngan | yèn mungguh wong ing desa | arang bisa bêbêt sabuk | labête bangêt malarat ||
17. Dhandhanggula
17.01 tarbiting tyas manggita mêmanis | pan kinarya bêbukaning gubah | sarkara muhung ginawe | pratela [Y. 160: pra...tela] darpèng kalbu | panungkuling ulah sastra di | rèhning arungsit dahat | binangkit ingapus | kang thukul driya pribadya | mila amung manulat sungging kintaki | wulang pêpalinira ||
17.02 Kyai Agêng Sêsela linuwih | mila mugi aparinga barkat | supangat nyalamêtake | mring amba kang manurun | jinurungan sihing Hyang Widhi | paring nugraha arja | palêstha manurun | pra nungkara wuningaa | srat kang ngêmot wasita tama kang saking | Kyagêng Sela punika ||
17.03 anglêluri sabda rum amanis | saking Kangjêng Kyai Gêng Sêsela | wus wirotamèng labête | kapêtêngannya prabu | ing Bintara [Z. 161: Binta...ra] narendra luwih | ya ta Kyagêng Sêsela | samana duk luguh[1] | ingayap putra myang wayah | apitutur he kabèh nak putu mami | padha sira pyarsakna ||
17.04 pituturku dudu dalil khadis | yèku aran pêpali ing kuna | basa pêpali têgêse | tindak kang wus lumaku | gon pakolih ing bênêr sisip | yèn iku kalakona | salamêt tinêmu | bêrkati satêrahira | manggih arja ucapna pêpali singgih | aja sira akarya ||
17.05 budi angkuh ladak lawan jail | aja sira watêg tyas surakah | aja colong calimude | aja watêg kumingsun | buralêman ladak kumaki | wong ladak gêlis pêjah | ywa ngiwa ing laku | aja saèn dèn wirangan | aja ngêgungakên raga wong ngaurip | dèn wruh ing kabagusan ||
17.06 bagus iku dudu êmas picis | dudu rupa dudu sêsandhangan | wong bagus pakewuh lire [A. 162] | kang ambêg tyas rahayu | asih marang padhaning janmi | mêrak-ati warnanya | rêsêp kang andulu | sawênèh wong amangeran | ing mas picis ana maring busana di | ana maring kabisan ||
17.07 ana mangran ngèlmune tanapi | ana mangran dènnya têguh tatag | ana mangeran japane | ana ingkang mituhu | maring kawruhira pribadi | kabèhku padha saya | singgahana ayun | mring kang lêstari pangarah | aja sira lumaku dipun kèringi | sawruh-wruhe priyoga[2] ||
17.08 yakti ewuh wong ngaurip kaki | dèn abisa angenaki tyasnya | manusa sapêpadhane | karêp ingkang tan arju | janma kang kang mrih dipun kèringi |[3] iku sira sirika | ywa arêp aniru | lan manèh aja kopadha | angrèh jalma lan marentah kêbo sapi | sato sapadhaneka ||
17.09 aja sira prih wruh kaya jalmi | sato kewan pasthi nora bisa | wus [B. 163: wu...s] tamtu saje[4] titahe | dèn wignya amrih putus | ing wêweka dipun praniti | aja kaya sakrêta | kêbone pinupuh | kinon sinaua maca | wus takdire kêbo sapi nora bangkit | mulane padha wuda ||
56–57 dari 87

 


lungguh. (kembali)
prayoga. (kembali)
Lebih satu suku kata: janma kang mrih dipun kèringi. (kembali)
seje. (kembali)