Tembang macapat

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Tajusalatin, Anonim, 1923, #1473

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 25
50–51 dari 87
499–508 dari 861
16.06 sangsaya lami pinanggih | antuk kamulyaning dunya | pan wus janjining Hyang Manon | kang suka amanggih duka | kang duka manggih suka | saking adiling Hyang Agung | siji winalês sadasa ||
16.07 sadina angêngirangi | winalês sadasa dina | kamuktèn dening Hyang Manon | sarta sinung panggawean | sing sapa watêk kirang | sarta prihatin nyênyuwun | mring Hyang Suksma malês suka ||
16.08 eling-elingên ywa lali | ing wong kang anjuju lawang | tan niyat mêlèk mripate | duk larene malah tuwa | tan ana prihatinnya | dadya malarate muput | tur tan sinung ing pakaryan [K. 146: pakar...yan] ||
16.09 marmèng wong kuna linuwih | sinung tingal kawaspadan | sawab tilar mangan sare | dadya sidiking pangucap | sarta têrusing tingal | anêratang kalbunipun | ing dunya prapta ngakerat ||
16.10 aja gawok marang ngèlmi | sanadyan ana sabodhag | yèn tan kalakon lakune | mung dadi wong kabrabeyan | dunya kerat malarat | yèn kalakon tapanipun | tan pangaji mring manungsa ||
16.11 sinungan tingal kang gaib | uninga suruping pêjah | tan lali palawangane | tur ambuka ngèlmu rasa | barkating kasutapan | myang dening tuduhing guru | awas maring kang sinêmbah ||
16.12 ing wong kang sinungan mukti | tan sêpi wijiling tapa | rêmbêsing madu purwane | janma kang sinung malarat | wong loba alit mila | lumuh kurang mangan turu | dadi muput malaratnya [L. 147] ||
16.13 luwanging janma kang mukti | duk anom tansah nêstapa | nglarani marang ragane | anyêgah turu lan mangan | saya tuwa sinungan | kawiryan maring Hyang Agung | salamêt dunya ngakerat ||
16.14 yèn dalu aprang lan arip | sru rame wawan-winawan | yèn siyang aprang lan luwe | rame dènnya mangun yuda | yèku janma utama | amrih mandia ing ngèlmu | kapanggiha kang sinêmbah ||
16.15 tapa minăngka rêragi | saenggane olah ulam | supaya enak rasane | kudu nganggo uyah lawan | tarasi brambang bawang | enak ingkang kaduk bumbu | kapanggih rasaning ulam ||
50–51 dari 87