Tembang macapat

Babad Majapait, Tanaya, 1975, #1501

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Majapait, Tanaya, 1975, #1501

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 2
2–3 dari 6
17–26 dari 53
1.17 ingkang putra tur sêmbah nulya mit | sigra mentar tumamèng nagara | prapta ngalun-alun age | Sang Nata Majalangu | ri sêdhênge [4] siniwèng mantri | anèng ing pagêlaran | Ki Dilah kadulu | dèn iring ing buron wana | sangsam kidang maesa banthèng lan kancil | sarwi munya sadaya ||
1.18 yèn janmaa pan punika gusti | amba ngaturakên pêjah gêsang | sumangga ing sadayane | mring Nata Majalangu | Jaka Dilah matur wot sari | dhuh gusti sri narendra | ngaturakên ulun | antuk sakèh buron wana | nggih sumangga ing karsa sri narapati | sang nata ngling tarima ||
1.19 nulya mangkat lawan pramèswari | sami nitih ing jêmpana sinang | Ki Jabadbèdri arane | anggêrit sangsam wau | Brawijaya sukanya ngênting | salaminira gêsang | tan kadya puniku | sukanira anèng dunya | katingalan Ki Dilah kang dadi margi | suka Sang Brawijaya ||
1.20 sinakolèh Ki Dilah makarti | apan wau kinulawisuddha | jinunjung wau linggihe | jinênêngakên sampun | Arya Damar sinung nagari | tanah sabrang Palembang | pan kinèn angratu | ginawan bala salêksa | saking Jawi ingakên suta sang aji | dibya pan kinasihan ||
Putri Cina
1.21 sampunira wau lami-lami | kang kocapa wau Putri Cina | ingaturkên mring sang rajèng | saking Raja Cinèku | langkung ayu warnaning putri | yèn ngombe katon lèrnya | lir gêdhah dinulu | saking sampurnaning endah | lamun dhahar katon upan-upannèki | lir widadari kendran ||
1.22 Brawijaya sukanira ngênting | sinaosan putri saking Cina | dadya garwa ingkang anèm | ênting sih mulènipun | pramèswari ing Dwarawati | garwanira kang tuwa | sihira pan kantun | Pramèswari sigra mular | nyuwun pêgat ulihna mring yayah wibi | pan ingsun Putri Cêmpa ||
1.23 Brawijaya sigra dènira ngling | ariningsun yèn sira tan arsa | amaru Putri Cinane | yêkti iku sun tundhung | saking pura ing Majapait | Brawijaya nênurat | surasaning kalbu | kawrat nawala [5] mring putra | sinungakên marang Gajahmada Patih | tinampèn gya manêmbah ||
1.24 pan widagda Gajahmada Patih | wus uninga ciptanirèng nata | glis dandan lumampah age | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalane nguni | tinundhung mantuk sigra | saking Majalangu | nèng Garêsik pamondhokan | pan anganti wadyane sri narapati | kathah kang dèrèng prapta ||
1.25 sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lan Ki Arya | Damar wau nulya lèngsèr | saking lênggahanipun | Patih Gajahmada sigra ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dening sang sri naranata | maringakên garwa-dalêm mring sirèki | putri sing nagri Cina ||
1.26 myang kang layang Prabu Maospait | kinèn maringakên marang sira | nulya tinampenan age | mring Arya Damar sampun | glis binuka sinuksmèng galih | têmbunge kang nawala | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | hèh Sang Arya Damar sira sun paringi | risang putri ing Cina ||
2–3 dari 6